Hasan Basry

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Brigjen Hasan Basry (lair ing Kandangan, Hulu Sungai Selatan, 17 Juni 1923 – kapundhut ing Jakarta, 15 Juli 1984 nalika umur 61 taun) iku salah siji tokoh militer Indonésia. Hasan Basry disarekake ing Simpang Tiga, Liang Anggang, Kota Banjarbaru, Kalimantan Kidul. Hasan Basry dianugerahi gelar Pahlawan nasional Indonésia adhedhasar Surat Keputusan Presiden No. 110/TK/2001 tanggal 3 November 2001. Hasan Basry sekolah SD ing Walanda (Hollands Inlandsche School /HIS), banjur nerusake sekolah kang ngemot ajaran Islam, wiwitane ing Tsanawiyah al-Wathaniah ing Kandangan, banjur ing Kweekschool Islam Pondok Modern ing Ponorogo, Jawa Wetan. Sabubare Proklamasi kamardhikan, Hasan Basry aktif ing organisasi pemuda Kalimantan kang pusate ana ing Surabaya. nalika tanggal 30 Oktober 1945, Hasan Basry isa bali menyang Kalimantan Kidul kanthi nunut kapal Bintang Tulen, kang budhal saka pelabuhan Kalimas Surabaya. Nalika tekan Banjarmasin, Hasan Basry nemoni H. Abdurrahman Sidik ing Pekapuran, kanggo ngirim poster kang ngemot berita kamardikan Indonésia. Saliyane iku uga lewat AA. Hamidhan, uga dikirim poster menyang Amuntai dengan lewat Ahmad Kaderi, naging sing menyang Kandangan dikirim lewat H. Ismail.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Hasan_Basry&oldid=533720"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès