Orde Baru
Orde Baru iku sebutan kanggo mangsa pamaréntahan Presidhèn Soeharto ing Indonesia. Orde Barue nggantèkaké Orde Lama sing ngarujuk marang era pamaréntahan Soekarno. Orde Baru lair kanthi semangat "korèksi total" marang panyimpangan d’ening Orde Lama Soekarno.
Orde Baru lumaku wiwit taun 1968 nganti 1998. Jroning wektu kasebut, ékonomi Indonesia maju cepet senadyan dibarengi anané praktèk korupsi sing ngambra-ambra ing negara iki. Saliyané kuwi, kasenjangan antara rakyat sing sugih lan mlarat uga tansaya amba.
Bab lan Paragraf |
Mangsa jabatan Suharto[sunting]
Taun 1968, MPR sacara resmi misuda Soeharto kanggo mangsa jabatan limang taun minangka presidhèn, lan sabanjuré diwisuda manèh taun 1973, 1978, 1983, 1988, 1993, lan 1998.
Pulitik[sunting]
Presidhèn Soeharto miwiti "Orde Baru" jroning donya pulitik Indonesia lan sacara dramatis ngowahi kawicaksanan jaban rangkah lan jeron negara.
Salah siji kawicaksanan pisanan yakuwi ndaftaraké Indonesia dadi anggota PBB manèh. Indonesia nalika tanggal 19 September 1966 ngumumaké arep nerusaké kerjasama karo PBB lan nerusake partisipasi jroning kagiatan-kagiatan PBB", lan dadi anggota PBB manèh ing tanggal 28 September 1966, persis 16 taun sawisé Indonesia ditampa kanggo sapisanan. Kawitane, Soeharto nduwèni sikap kang teges. Orde Lama apa Orde Baru. Pangucilan pulitik - ning Eropa Timur sering kasebut lustrasi - dilakokake marang pawongan kang sesambungan marang Partai Komunis Indonesia. Sanksi kriminal kalakokaké kanthi nggelar Mahkamah Militer Luar Biasa kanggo ngadili para péhak kang dianggep kraman (pemberontak) déning Soeharto. Pangadilan digelar lan sebagéan kang katut "dibuang" menyang Pulau Buru.
Déné sanksi nonkriminal kalakokaké kanthi pangucilan pulitik kanthi yasa aturan administratif. Instrumèn penelitian khusus (litsus) katerapake kanggo milihi kekuatan lawas kang katut ing sakjroning gerbong Orde Baru. KTP kacandra ET (eks-tapol).
Kaluwihan sistem Pamaréntahan Orde Baru[sunting]
- perkembangan GDP per kapita Indonesia sing taun 1968 mung AS$70 lan taun 1996 wis dadi luwih saka AS$1.000
- sukses transmigrasi
- sukses KB
- sukses merangi buta huruf
- sukses swasembada pangan
- pengangguran minimum
- sukses REPELITA (Rencana Pembangunan Lima Tahun)
- sukses Gerakan Wajib Belajar
- sukses Gerakan Nasional Orang-Tua Asuh
- sukses keamanan jero negeri
- Investor asing gelem nandur modhal ing Indonesia
- sukses nuwuhaké rasa nasionalisme lan tresna produk jero negeri
Kakurangan Sistem Pamaréntahan Orde Baru[sunting]
- semaraké korupsi, kolusi, nepotisme
- pembangunan Indonesia sing ora warata lan kesenjangan pembangunan antara pusat lan dhaerah
- munculé rasa ora marem ing sawetara dhaerah amarga kasenjangan pembangunan, utamané ing Aceh lan Papua
- kecemburuan antara pedunung saenggon karo para transmigran sing olèh tunjangan pamaréntah sing cukup gedhé ing taun-taun pisanan
- tambahé kasenjangan sosial (sugih mlarat)
- kritik dibungkem lan oposisi diharamaké
- kabébasan pers kawates banget, akèh koran lan kalawarta sing dibreidel
- panggunaan kakerasan kanggo nyiptakaké kaamanan, antara liya kanthi program "Penembakan Misterius" (petrus)
- ora ana rencana suksesi (pangalihan kakuwasan marang pemerintah/presidhèn sabanjuré)
Deleng uga[sunting]
Rujukan[sunting]
|
|
||
|---|---|---|
| Prasajarah • Karajan Hindu-Buddha • Karajan Islam • Era Portugis • Era VOC • Era Walanda • Era Jepang | ![]() |
|
| Proklamasi • Mangsa transisi • Orde Lama • Orde Lama:Demokrasi Terpimpin • Gerakan 30 September • Orde Baru • Gerakan 1998 • Reformasi • Sajarah jeneng Indonésia | ||
| Pulo • Tlaga & Wadhuk • Gunung • Gunung geni • Taman nasional • Kali • Fauna • Flora | ||
| Administratif • Provinsi • Kutha & Kabupatèn • Hubungan luar negeri • Kapulisèn • Militer • Hukum • Badan lan Komisi | ||
| Partai pulitik • Presidhèn • Wakil Presidhèn • Kabinet • Pemilu | ||
| Prusahaan • Pariwisata • Transportasi • Pasar modhal • Bank • BUMN | ||
| Suku • Basa • Agama • Jeneng Indonésia | ||
| Arsitèktur • Seni • Film • Masakan • Tari • Mitologi • Pendhidhikan • Sastra • Media • Musik • Dina wigati • Olahraga • Busana Dhaérah | ||
|
Topik liya |
Bandar udhara • Tokoh • A - Z • Telekomunikasi • Kembang • Tandha Kaurmatan • Kodhe Telepon • Pambangkit Listrik • Télévisi Nasional • Télévisi Régional | |
| Gapura Indonésia | ||
