Rupiah
Rupiah (Rp) iku valuta Indonésia (kanthi kode IDR).
Jeneng iki dijupuk saka valuta India rupee. Sadurungé ing dhaérah sing disebut Indonésia saiki migunaaké gulden Walanda saka taun 1610 tekan taun 1817, nalika gulden Hindia-Walanda dikenalaké.
Jeneng rupiah sepisanan dipigunaaké sacara resmi nalika diwetokaké valuta rupiah jaman pandudukan Dai Nippon ing Perang Donya II. Sawisé perang rampung, Bank Jawa, palopor Bank Indonésia, ngetokaké Rupiah. Éwadéné Tentara Sekutu ngetokaké Gulden Nica.
Sauntara iku ing dhaérah-dhaérah liya ing dhaérah sing saiki disebut Indonésia, akèh beredar dhuwit sing magepokan karo aktivitas gerilya.
Ing tanggal 2 November, 1949 rupiah ditetepaké minangka valuta nasional. Ing dhaérah kapuloan Riau lan Papua, wektu iku isih migunaaké valuta liya. Ing taun 1964 lan 1971 rupiah wiwit digunaaké ing kono.
Ing dhaérah Timor Wétan, rupiah dipigunaaké saka taun 1976 – 2001. Wiwit taun 2001 tekan saiki dipigunaaké dolar AS.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Daftar valuta kanthi jeneng mèmper Rupiah
- Indian rupee (रुपया)
- Maldivian rufiyaa (ދިވެހި ރުފިޔ)
- Mauritian rupee (roupie)
- Nepalese rupee (रूपैयाँ)
- Pakistani rupee (روپي)
- Seychellois rupee (roupi, roupie)
- Sri Lankan rupee (ரூபாய்)
[sunting] Saiki wis ora ana
- Afghan rupee
- Bhutanese rupee
- Burmese rupee
- Danish Indian rupee
- (British) East African rupee
- French Indian rupee (roupie)
- German East African rupie
- Gulf rupee
- Hyderabad rupee
- Italian Somaliland rupia
- Javan rupee
- Netherlands Indian roepiah
- Portuguese Indian rúpia
- Riau rupiah
- Travancore rupee
- West New Guinean rupiah
- Zanzibari rupee
[sunting] Fiksi
- Hylian rupee