Pramoedya Ananta Toer

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Pramoedya Ananta Toer
Pramoedyaanantatoer.jpg

Lair 6 Februari 1925
Blora, Jawa Tengah
Pati 30 April 2006 (umur 81)
Jakarta, Indonésia
Pakaryan Novelis
Bebungah award(s) * Freedom to Write Award,1988
* Wertheim Award, 1995
* Ramon Magsaysay Award, 1995
* UNESCO Madanjeet Singh Prize, 1996
* Doctor of Humane Letters, 1999
* Chancellor's distinguished Honor Award, 1999
* Chevalier de l'Ordre des Arts et des Letters, 1999
* New York Foundation for the Arts Award, 2000
* Fukuoka Cultural Grand Prize , 2000
* The Norwegian Authors Union , 2004
* Centenario Pablo Neruda, 2004

Pramoedya Ananta Toer (Blora, Jawa Tengah 6 Februari 1925Jakarta 30 April 2006) dianggep minangka salah sijiné pengarang sing produktif ana sajroning sajarah sastra Indonesia. Pramoedya wis ngasilaké luwih saka 50 karya lan uwis diterjemahaké menyang luwih saka 41 basa.

Jaman Cilikané[sunting | sunting sumber]

Pramoedya, utawa asring dicekak dadi "Pram", lair ing Blora, sing dumunung ana ing jantungé Pulo Jawa, ing taun 1925 minangka anak pembarep. Bapaké dadi guru, déné ibuné dodolan sega. Jeneng asli Pramoedya yaiku Pramoedya Ananta Mastoer, kaya sing katulis sajroning kolèksi crita cekak semi-otobiografiné sing judulé Cerita Dari Blora. Amarga jeneng keluarga Mastoer (jenengé bapaké) dirasa rada aristokratik, mulané dhèwèké ngilangaké awalan Jawa "Mas" saka jeneng kuwi mau lan nggunaaké "Toer" minangka jeneng keluargané. Pramoedya mlebu Sekolah Kejuruan Radio ing Surabaya, lan sakbanjuré nyambut gawé dadi juru tik layang kabar Jepang ing Jakarta nalika jaman pendhudhukan Jepang ing Indonesia.

Paska Kamardikan Indonesia[sunting | sunting sumber]

Pramoedya wektu isih anom

Sakjroning jaman perang kamardikan Indonesia, dhèwèké mèlu mlebu klompok militèr ing Jawa lan kerep dipapanké ing Jakarta. Pram sregep nulis crita cekak sarta buku sakjroning karir militèré lan nalika dikunjara Walanda ing Jakarta taun 1948 lan 1949. Ana ing taun 1950-an Pram manggon ing Negara Walanda minangka bagéan saka "program pertukaran budaya", lan nalika mulih menyang Indonesia Pram dadi anggota Lekra, salah sijining organisasi sayap kiwa ing Indonesia. Gaya penulisané owah jroning wektu kuwi, kayadéné kang dikatonaké ana ing karyané Korupsi, fiksi kritik tumrap pamong praja sing keblasuk ing ajang korupsi. Bab iki mujudaké friksi antara Pram lan pamaréntahan Soekarno.

Sajroning kurun wektu kuwi mau, Pram wiwit nyinaoni panyiksan tumrap Tionghoa Indonesia, lan sak banjuré wiwit kekanthènan karo para penulis ing Tiongkok. Sacara khusus, Pram nerbitaké rangkéan kirim-kiriman layang karo penulis Tionghoa bab sajarah Tionghoa ing Indonesia, kanthi judhul Hoakiau di Indonesia. Pram mono sawijining kritikus sing ora nggatèkaké pamaréntahan sing Jawa-sèntris tumrap kaperluan lan aspirasi saka dhaérah liya ing Indonesia, lan ngusulaké supaya pamaréntahan kudu dipindahaké menyang njaban Pulo Jawa. Ana ing taun 1960-an Pram ditahan déning pamaréntahan Soeharto amarga pandhangan pro-Komunis Tiongkok-é. Bukuné dilarang lan dhèwèké ditahan tanpa prosès pengadilan ing Pulo Nusakambangan ing lepas pantai Pulo Jawa, lan pungkasané dibuang ing Pulo Buru ing kawasan wétan Indonesia.

Penahanan lan mangsa sakwisé[sunting | sunting sumber]

Saliyané tau ditahan suwéné 3 taun ana ing mangsa kolonial lan 1 taun ing mangsa Orde Lama, sajroning mangsa Orde Baru Pramoedya ngrasakké 14 tahun ditahan minangka tahanan pulitik tanpa prosès pengadilan.

Pramoedya bebarengan kanca-kanca wektu ngayahi kerja paksa ing pulo Buru

Senadyan Pram dipenggak nulis sakjroning masa penahananné ing Pulo Buru, nanging tetep isih bisa ngatur kanggo nulis sèrial karya kawentar sing judhul-é Bumi Manusia, sèrial 4 kronik novel semi-fiksi sajarah Indonesia. Tokoh utamané Minke, bangsawan cilik Jawa, nggambaraké pengalaman RM Tirto Adisuryo, sawijining tokoh pergerakan ing jaman kolonial sing ngadegaké organisasi Sarékat Priyayi lan diakoni déning Pramoedya minangka organisasi nasional sing kawitan. Jilid sepisanan diréka sacara lisan marang para kanca sekunjaran, lan sisané diselundupaké menyang manca negara kanggo dikolèksi déning pengarang Australia lan sakbanjuré diterbitaké ing basa Inggris lan basa Indonesia.

Pramoedya dibébasaké saka tahanan tanggal 21 Desember 1979 lan éntuk layang pambébasan sacara hukum ora salah lan ora kagilut utawa "terlibat" G30S/PKI, nanging isih dipatrapi tahanan omah ing Jakarta nganti taun 1992, sarta tahanan kutha lan tahanan negara nganti taun 1999, lan uga wajib lapur saben minggu ing Kodim Jakarta Wétan kurang luwih 2 taun lawasé.

Sajroning mangsa kuwi Pram nulis Gadis Pantai, novel semi-fiksi liyané adhedhasar pengalaman embahé dhéwé. Pram uga nulis Nyanyi Sunyi Seorang Bisu (1995), otobiografi adhedhasar tulisan sing ditulis kanggo putriné nanging ora olèh dikirimké, lan Arus Balik (1995).

Kontroversi[sunting | sunting sumber]

Nalika Pramoedya dianugerahi Bebungah Ramon Magsaysay, 1995, diwartakaké yèn udakara 26 tokoh sastra Indonesia nulis surat 'protès' menyang yayasan Ramon Magsaysay, nélaaké yèn ora setuju Pramoedya sing dituding minangka "juru wicara sekaligus algojo Lekra sing paling galak, ngantem, nggasak, mbantai lan ngganyang" nalika demokrasi terpimpin, ora pantes diwènèhi hadiah lan nuntut supaya pakurmatan sing dianugerahaké marang Pramoedya dicabut.

Nanging sawetara dina manèh, Taufik Ismail minangka pemrakarsa, ngralat pemberitaan iku. Jaréné, dudu nuntut 'pencabutan', nanging ngélingaké 'sapa Pramoedya iku'. Ujaré, akèh wong sing ora ngerti 'reputasi peteng' Pram mbiyèn. Lan penganugerahan pakurmatan Magsaysay dianggep sawijining kacerobohan. Nanging pihak liyané, Mochtar Lubis malah ngancam arep mbalèkaké hadiah Magsaysay sing dianugerahké marang awaké ing taun 1958, yèn Pram pancèn tetep arep dianugerahi hadiah sing padha.

Lubis uga kandha, yèn HB Jassin uga arep mbalèkaké hadiah Magsaysay sing tau ditampa. Nanging tibaké sajroning pemberitaan sakbanjuré, HB Jassin malah nyatakaké bab sing béda banget karo pratélané Mochtar Lubis.

Jroning opini-opininé ing media, para penapak asma petisi 26 iki ngrasa minangka korban kahanan pra-1965, lan nuntut pertanggungan jawaban Pram, supaya ngaku lan njaluk ngapura tumrap peran ora kapuji ing 'jaman paling peteng tumrapé kreativitas' nalika kuwi. Pram, ujaré Mochtar Lubis, mimpin penindhesan sakpadha seniman sing ora sepaham.

Sawetara kuwi Pramoedya dhéwé nganggep yèn tulisan lan pidhatoné nalika pra-1965 iku ora luwih mung 'golongan polemik biasa' sing olèh dièloni sapa waé. Pram ora ngakoni yèn mèlu aksi - aksi sing 'kliwat adoh'. Dhèwèké uga ngrasa difitnah, nalika didakwa mèlu ngobong buku barang. Malah dhèwèké nyaranaké supaya perkarané digawa ning pengadilan waé yèn pancèn materiné cukup. Yèn ora cukup, ya digawa waé ning forum kabuka, nanging dhèwèké kudu diwènèhi kesempatan kanggo njawab lan mbéla diri.

Wiwit Orde Baru kuwasa, Pramoedya ora naté éntuk kabebasan nyuwarakaké suarané dhéwé, lan wis bola-bali dhèwèké diserang lan dikroyok sacara kabuka ing koran.

Ananging ing paparan pelukis Joko Pekik, sing uga tau dadi tahanan ing Pulo Buru, dhèwèké nyebut Pramoedya minangka 'juru-tulis'. Pegawéan juru-tulis sing dimaksud déning Joko Pekik yakuwi Pramoedya olèh pegawéan saka petugas Pulo Buru dadi tukang ketiké. Malahan miturut Joko Pekik, nasib Pramoedya luwih apik tinimbang umumé tahanan sing ana. Statusé minangka tokoh seniman sing déning media disebar-luasaké sacara internasional, ndadèkaké Pram urip kanthi fasilitas sing lumayan - apa manèh yèn ana tamu saka 'njaba' sing rawuh, mesti Pramoedya sing dadi 'bintangé'.

Masa kasepuhan[sunting | sunting sumber]

Pramoedya wis nulis akèh kolom lan artikel cekak sing ngritik pamaréntahan Indonesia. Pram nulis buku Perawan Remaja dalam Cengkraman Militer, dhokumentasi sing ditulis nganggo gaya nyedihaké para wanita Jawa sing dipeksa dadi 'wanita penghibur' nalika jaman pendhudhukan Jepang. Kabèh digawa menyang Pulo Buru lan ngalami kekerasan sèksual, milih tetep manggon ing kana tinimbang mulih menyang Jawa. Pramoedya nggawé perkenalané nalika dhèwèké dhéwé dadi tahanan pulitik ing Pulo Buru 1970-an.

Akèh tulisané sing nyentuh tema interaksi antar budaya; antara Walanda, krajan Jawa, wong Jawa umumé, lan Tionghoa. Akèh tulisané arupa semi-otobiografi, yakuwi nggambaraké pengalamané dhéwé. Pram terus aktif dadi penulis lan kolumnis. Dhèwèké ngéntukaké Ramon Magsaysay Award kanggo Jurnalisme, Sastra, lan Seni Komunikasi Kreatif 1995. Dhèwèké uga wis dipertimbangaké kanggo Bebungah Nobel Sastra. Saliyané kuwi dhèwèké uga menangaké Bebungah Budaya Asia Fukuoka XI 2000 lan ing taun 2004 Norwegian Authors' Union Award tumrap sumbangané marang jagat sastra. Pram ngrampungaké lelungan menyang Amerika Utara ing taun 1999 lan éntuk penghargaan saka Universitas Michigan.

Nganti akhir hayaté Pram aktif nulis, senajan kondhisi kasihatané sing wis mudhun amerga umur sing wis sepuh lan kesenengané ngrokok. Tanggal 12 Januari 2006, Pram dikabarké wis rong minggu lara ning omahé ing Bojong Gede, Bogor, lan terus dirawat ing rumah sakit. Miturut lapuran, Pramoedya nyandhang penyakit diabetes, sesak napas lan jantung lemah.

Tanggal 6 Februari 2006 ing Teater Kecil Taman Ismail Marzuki, dianakaké pameran khusus sampul buku karya Pramoedya. Pameran iki sekaligus hadiah ulang tahun ke-81 kanggoné Pramoedya. Paméran sing jejuluk Pram, Buku lan Angkatan Muda mamèraké sampul-sampul buku sing naté diterbitaké ing manca negara. Ana kurang luwih 200 buku sing naté diterjemahaké menyang rupa-rupa basa ing donya.

Séda[sunting | sunting sumber]

Tanggal 27 April 2006, Pram semaput. Pihak kulawarga pungkasané mutusaké kudu digawa menyang RS Sint Carolus dina iku uga. Pram didiagnosis nandang radhang paru-paru, penyakit sing selawasé ora tau dialami, ditambah komplikasi ginjal, jantung, lan diabetes. Pram mung tahan telung dina ing rumah sakit. Sawisé sadar, dhèwèké njaluk mulih manèh. Senadyan panyuwun mau ora disarujuki, Pram ngotot pengin mulih. Sabtu 29 April, watara jam 19.00, bareng tekan omah, kondisiné dadi luwih apik. Najan isih kritis, nanging Pram wis bisa miringaké awaké lan ngobah-obahaké tangané.

Sakwisé kuwi, Pram ngalami masa kritis manèh. Pihak keluarga mutusaké nggelar tahlilan kanggo ndongakaké Pram. Pasang surut kondisi Pram kuwi terus lumaku nganti jam 02.00. Wektu kuwi, dhèwèké nyatakaké supaya Pangéran ndang mapag. "Dorong saja saya," ujaré. Nanging, kanca-kancané lan kerabat sing njaga Pram ora kendhat-kendhat mènèhi semangat semangat urip.

Gambar:Pram makam.jpg
Makam Pramoedya dipenuhi karangan bunga dan buku-buku karyanya

Kabar kapundhuté Pram sempat kersiar wiwit jam 03.00. Tangga teparo wis krungu kabar duka mau. Nanging,jam 05.00, krungu kabar manèh yèn Pram isih urip. Wusanané, nalika ajalé teka, Pram sempat bisik-bisik, "Akhiri saja saya. Bakar saya sekarang".

Tanggal 30 April 2006 jam 08.55 Pramoedya tilar donya ing yuswa 81 tahun.

Atusan pelayat ngebaki omah lan pekarangan Pram ing Jalan Multikarya II No 26, Utan Kayu, Jakarta Timur. Pelayat sing rawuh antara liya Sitor Situmorang, Erry Riyana Hardjapamekas, Nurul Arifin lan bojo, Usman Hamid, Putu Wijaya, Goenawan Mohamad, Gus Solah, Ratna Sarumpaet, Budiman Sujatmiko, serta puluhan aktivis, sastrawan, dan cendekiawan. Hadir uga Mentri Kabudayan lan Pariwisata Jero Wacik. Katon sawetara karangan kembang tandha béla sungkawa, antara liya saka KontraS, Wapres Jusuf Kalla, artis Happy Salma, pengurus DPD PDI Perjuangan, Dewan Kesenian Jakarta, lan liya liyané. Kanca-kancané Pram sing naté ditahan ing Pulo Buru uga katon nglayat. Semono uga para mudha fans-é Pram.

Jenazah di adusi jam 12.30 WIB, nuli disalataké. Sawisé kuwi, digawa nganggo ambulans menyang TPU Karet Bivak. Lagu Internationale lan Darah Juang ditembangaké déning para pelayat.

Penghargaan[sunting | sunting sumber]

Pramoedya wektu nampa gelar kinurmatan Doctor of Humane Letters saka Universitas Michigan taun 1999
  • Freedom to Write Award saka PEN American Center, AS, 1988
  • Penghargaan saka The Fund for Free Expression, New York, AS, 1989
  • Wertheim Award, "for his meritorious services to the struggle for emancipation of Indonesian people", saka The Wertheim Fondation, Leiden, Walanda, 1995
  • Ramon Magsaysay Award, "for Journalism, Literature, and Creative Arts, in recognation of his illuminating with briliant stories the historical awakening, and modern experience of Indonesian people", saka Ramon Magsaysay Award Foundation, Manila, Filipina, 1995
  • UNESCO Madanjeet Singh Prize, "in recognition of his outstanding contribution to the promotion of tolerance and non-violance" saka UNESCO, Prancis, 1996
  • Doctor of Humane Letters, "in recognition of his remarkable imagination and distinguished literary contributions, his example to all who oppose tyranny, and his highly principled struggle for intellectual freedom" saka Universitas Michigan, Madison, AS, 1999
  • Chancellor's distinguished Honor Award, "for his outstanding literary archievements and for his contributions to ethnic tolerance and global understanding", saka Universitas California, Berkeley, AS, 1999
  • Chevalier de l'Ordre des Arts et des Letters, saka Le Ministre de la Culture et de la Communication Republique, Paris, Prancis, 1999
  • New York Foundation for the Arts Award, New York, AS, 2000
  • Fukuoka Cultural Grand Prize (Bebungah Budaya Asia Fukuoka), Jepang, 2000
  • The Norwegian Authors Union, 2004
  • Centenario Pablo Neruda, Chili, 2004

Liya liyané[sunting | sunting sumber]

  • Anggota Nederland Center, nalika isih ing Pulo Buru, 1978
  • Anggota kinurmatan salawasé urip saka International PEN Australia Center, 1982
  • Anggota kinurmatan PEN Center, Swedia, 1982
  • Anggota kinurmatan PEN American Center, AS, 1987
  • Deutschsweizeriches PEN member, Zentrum, Swiss, 1988
  • International PEN English Center Award, Inggris, 1992
  • International PEN Award Association of Writers Zentrum Deutschland, Jerman, 1999

Bibliografi[sunting | sunting sumber]

Kejaba judhul pisanan, kabèh judhul wis diselarasaké karo Ejaan Yang Disempurnakan.

  • Sepoeloeh Kepala Nica (1946), ilang ing tangan panerbit Balingka, Pasar Baru, Jakarta, 1947
  • Kranji–Bekasi Jatuh (1947), fragmen saka Di Tepi Kali Bekasi
  • Perburuan (buku) (1950), pamenang sayembara Balai Pustaka, Jakarta, 1949
  • Keluarga Gerilya (1950)
  • Subuh (kumpulan cerpen) (1951), kumpulan 3 cerpen
  • Percikan Revolusi (1951), kumpulan cerpen
  • Mereka yang Dilumpuhkan (I & II) (1951)
  • Bukan Pasarmalam (1951)
  • Di Tepi Kali Bekasi (1951), saka sisa naskah sing dirampas Marinir Walanda tanggal 22 Juli 1947
  • Dia yang Menyerah (1951), banjur dicithak ulang kanthi wangun kumpulan cerpen
  • Cerita dari Blora (1952), pamenang karya sastra paling apik saka Badan Musyawarah Kebudayaan Nasional, Jakarta, 1953
  • Gulat di Jakarta (1953)
  • Midah Si Manis Bergigi Emas (1954)
  • Korupsi (novel) (1954)
  • Mari Mengarang (1954), ora cetha nasibé ing tangan panerbit
  • Cerita dari Jakarta (1957)
  • Cerita Calon Arang (1957)
  • Sekali Peristiwa di Banten Selatan (1958)
  • Panggil Aku Kartini Saja (I & II, 1963; III & IV diobong déning Angkatan Darat tanggal 13 Oktober 1965
  • Kumpulan Karya Kartini, sing tau diumumaké ing manéka medhia; diobong déning Angkatan Darat tanggal 13 Oktober 1965
  • Wanita Sebelum Kartini; diobong déning Angkatan Darat tanggal 13 Oktober 1965
  • Gadis Pantai (1962-65) kanthi wangun crita sambung sinambung, bagéyan pisanan triologi ngenani kulawarga Pramoedya; terbit minangka buku, 1987; dilarang Jaksa Agung. Jilid II & III diobong déning Angkatan Darat tanggal 13 Oktober 1965
  • Sejarah Bahasa Indonesia. Satu Percobaan (1964); diobong déning Angkatan Darat tanggal 13 Oktober 1965
  • Realisme Sosialis dan Sastra Indonesia (1963)
  • Lentera (novel) (1965), ora cetha nasibé ing tangan panerbit
  • Bumi Manusia (1980); dilarang Jaksa Agung, 1981
  • Anak Semua Bangsa (1981); dilarang Jaksa Agung, 1981
  • Sikap dan Peran Intelektual di Dunia Ketiga (1981)
  • Tempo Doeloe (1982), antologi sastra pra-Indonésia
  • Jejak Langkah (1985); dilarang Jaksa Agung, 1985
  • Sang Pemula (1985); dilarang Jaksa Agung, 1985
  • Hikayat Siti Mariah, (ed.) Hadji Moekti, (1987); dilarang Jaksa Agung, 1987
  • Rumah Kaca (1988); dilarang Jaksa Agung, 1988
  • Memoar Oei Tjoe Tat, (ed.) Oei Tjoe Tat, (1995); dilarang Jaksa Agung, 1995
  • Nyanyi Sunyi Seorang Bisu I (1995); dilarang Jaksa Agung, 1995
  • Arus Balik (1995)
  • Nyanyi Sunyi Seorang Bisu II (1997)
  • Arok Dedes (1999)
  • Mangir (2000)
  • Larasati (novel) (2000)
  • Jalan Raya Pos, Jalan Daendels (2005)

Buku bab Pramoedya lan karyané[sunting | sunting sumber]

  • Pramoedya Ananta Toer dan Karja Seninja, déning Bahrum Rangkuti (Penerbit Gunung Agung)
  • Citra Manusia Indonesia dalam Karya Pramoedya Ananta Toer, déning A. Teeuw (Pustaka Jaya)
  • Pramoedya Ananta Toer dan Sastra Realisme Sosialis, déning Eka Kurniawan (Gramedia Pustaka Utama)
  • Membaca Katrologi Bumi Manusia Pramoedya Ananta Toer, déning Apsanti Djokosujatno (Tera Indonesia)
  • Pramoedya Ananta Toer dan Manifestasi Karya Sastra, Daniel Mahendra, dkk (Penerbit Malka)

Uga mirsani[sunting | sunting sumber]

Réferènsi[sunting | sunting sumber]

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]


Tetralogi Buru Pramoedya Ananta Toer

Bumimanusia.jpg Anaksemuabangsa.jpg Jejaklangkah.jpg Rumahkaca.jpg
Bumi Manusia | Anak Semua Bangsa | Jejak Langkah | Rumah Kaca
Karya liyané