Cepu, Blora

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Cepu)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kecamatan Cepu

Peta lokasi Kecamatan Cepu
Provinsi Jawa Tengah
Kabupaten Blora
Jembar wewengkon 48,97 km²
Cacah pedunung 77.880 jiwa
 - Kapadhetan 1.590 jiwa/km²
Desa/kelurahan
Cepu.jpg
Hotel Mega Bintang Cepu

Kecamatan Cepu iku salah siji kecamatan ing kabupaten Blora, Provinsi Jawa Tengah, Indonésia. Kecamatan Cepu wewatesan ing sisih lor karo kecamatan Sambong, ing sisih wétan karo kecamatan Padangan, Bajanegara Jawa Wétan, ing sisih kidul lan kulon karo kecamatan Kedungtuban. Jembar wewengkon 4897,425 ha lan cacahing pedunung 74,526 jiwa. Ing kecamatan Cepu ana lapangan terbang perintis sing dumunung ing desa Ngloram. Wiwit jaman Walanda Cepu wis misuwur minangka tlatah sing ngasilaké lenga patra, nganti saiki isih ana siji-sijiné akademi sing mligi nyinaoni bab lenga patra ing Sorogo, Cepu, yakuwi AKAMIGAS (Akademi Minyak dan Gas). Kecamatan Cepu uga diliwati sepur Jakarta-Surabaya, lan mandheg ing stasiun Balun.

Bab lan Paragraf

Géografi [sunting]

Jembar wewengkon : 4897,425 Ha[1], dumadi saka Sawah : 2.052,200 Ha, pekarangan: 1.043,120 Ha, Tegalan : 932,428 Ha, Alas : 477,607 Ha, Liya-liya : 409,180 Ha.

Sajarah [sunting]

Wilayah Kecamatan Cepu lan tlatah Kabupatèn Blora liyané ing jaman Pamaréntahan Kadipatèn Jipang abad XVI, nalika semana ana ing sangisoring pamaréntahan Karajan Demak. Adipati Jipang ya iku Aryo Penangsang, sing luwih dikenal kanthi jeneng Aria Jipang. Dhaérah kakuwasan nyakup : Pati, Lasem, Blora, lan Jipang. Ananging sawisé Jaka Tingkir ( Hadiwijaya ) marisi tahta Demak pusat pamaréntahan dipindhah menyang Pajang saéngga Blora kalebu wilayah Karajan Pajang. Karajan Pajang ora suwé mrintah, amarga direbut déning Karajan Mataram sing punjeré dumunung ing Kotagedhé Yogyakarta. Cepu kalebu wilayah Mtaram|Mataram bagéan wétan utawa dhaérah Bang Wetan. Ing mangsa pamaréntahan Paku Buwana I (1704-1719 ) dhaérah Blora diparingaké marang putrané sing asmané Pangeran Blitar lan diparingi gelar Adipati. Ing taun 1719-1727 Karajan Mataram dipimpin déning Amangkurat IV, saéngga wiwit kuwi tlatah Cepu lan Blora ana ing sabngisoring pamaréntahan Amangkurat IV.

Dhémografi [sunting]

Gunggung pedunung : 77.880 Jiwa, dumadi saka: Lanang : 38,527 Jiwa, Wadon : 39,353 Jiwa kanthi Sex Ratio: 97,90  %

Pamaréntahan [sunting]

Gunggung désa : 11 désa lan 6 kelurahan, kanthi RW : 84 RW lan RT : 409 RT.

Désa/kelurahan ing Kecamatan Cepu ya iku: Balun, Cabean, Cepu, Gadon, Getas, Jipang, Kapuan, Karangboyo, Kentong, Mernung, Mulyorejo, Ngelo, Nglanjuk, Ngloram, Ngroto, Sumberpitu lan Tambakromo.

Pendhidhikan [sunting]

Gunggung Sekolah : 114 Sekolah

  1. Taman Kanak-kanak : 36
  2. Sekolah Dhasar : 42
  3. Madrasah Ibtidaiyyah : 5
  4. Sekolah Luar Biasa : 1
  5. Sekolah Menengah Pertama : 9
  6. Madrasah Tsanawiyah : 6
  7. Sekolah Menengah Umum : 7
  8. Sekolah Menengah Kejuruan : -
  9. Madrasah Aliyah : 2

Wisata [sunting]

  • LOKO WISATA CEPU. Loko Wisata iki arupa pakèt lelungan wisata ngliwati alas jati KPH Cepu numpak sepur sing ditarik Lokomotip tuwa gawéyan Berliner Maschinnenbaun Jerman|Jerman Taun 1928|1928. Let watara 60 km.kanthi kacepetan maksimum 20 km/jam dilakoni jroning wektu 4 jam. Bèngkèl transit ing kutha Cepu + 36 Km. arah kidul-wétan Kutha Blora.
  • OBYÉK WISATA GÉOLOGI. Obyèk wisata géologi arupa wisata alam utawa kagiatan wisata ing babagan èlmu bumi kanthi obyèk arupa lokasi sing magepokan karo asil prosès géologi sing kakandhut lan kasimpen ing alam antara liya Géologi Wisata sing magepokan karo lenga lan gas bumi. Wisata Géologi iki arupa ladang gas bumi sing dumunung ing wilayah Cepu ; yaiku ing Balun lan Tobo lan sumur lenga tuwa sing ditambang sacara tradhisional déning masarakat saenggon nganggo tali lan timba sing ditarik kurangluwih 15 wong ing Wonocolo.

Galeri [sunting]

Rujukan [sunting]

  1. ^ Profil Kecamatan Cepu (diakses 20 September 2011)

Pranala jaba [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Cepu,_Blora&oldid=805297"