Legèn
Legèn kuwi jinising ombénan kang asalé saka wit siwalan, krambil utawa aren, yaiku kanthi ndèrès kembange. Wernané putih nanging ora buket kaya susu, rasane legi. Ing dhaérah Rembang sing bagéan padhusunan sisih kidul, pendhudhuké akèh banget kang mbudidayakaké legèn. Semana uga Tuban. Carané njupuk legèné yaiku bumbung saka pring digantung ing wit siwalan, ing ngisoré woh siwalan bener. Banyuné kang aran legèn mau diombé, siwalané uga kéna dipangan. Legèn sing isih asli, durung digodhog, rasané kaya ana sodhané. Ing ilat krasa trecep-trecep. Nanging sing wis godhogan, rasa sodhané kuwi ilang. Legèn paling seger nalika diombé dicampuri ès batu. Biyasané, legèn lan siwalan laris dituku konsumèn nalika wayah pasa.
Ing basa Inggris, legen disebut Sweet Toddy utawa Palm Nectar. Legen umum diombe ing India, Srilanka, Afrika, Malaysia, Thailand, Myanmar.
Komposisi[sunting]
Legen ngandhut karbohidrat, sukrosa, lan pH kang sakiwatengen netral.
| Substance | Concentration (g/100 mL) |
|---|---|
| Sucrose | 12.3 - 17.4 |
| Total ash | 0.11 - 0.41 |
| Protein | 0.23 - 0.32 |
| Ascorbic acid | 0.016 - 0.030 |
| Total solids | 15.2 - 19.7 |
Produk olahan[sunting]
- Legen ora ngandhut alkohol, senajan yen difermentasi bisa dadi omben-omben kang disebut tuak.
- Legen kang digodhog terus-terusan nganti susut banyune dadi malih kenthel lan tansaya legi, kang sabanjure dititis (dicithak) dadi gula jawa