Wayang kulit

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Pagelaran wayang kulit dimainaké dhalang kondhang ing Indonesia, Ki Manteb Sudharsono. Lakoné Gathotkaca Winisuda.

Wayang Kulit iku sajinising pagelaran wayang sing nrapaké bonékah-bonékah saka kulit. Jinis wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawe seka kulit kang ditatah lan dientha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nggunaake lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan maneka warna crita liyané.

Wayang kulit dimainké ing layar putih kang sinebut kelir. Dene wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog lan ana ing sisih tengen lan kiwa dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.[1]

Bab lan Paragraf

[sunting] Panyebaran

Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga perangan Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wetan. Ing antarane panggonan siji lan liyane nduwe gagrag dhewe-dhewe, sing paling gedhe yaiku Gagrag Ngayogjakarta karo Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahe dhewe.

Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarane pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwene pagelaran kang asline sewengi sok dikurangi dadi sawetara jam thok.

wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. sumber caritane yaiku saka kitab Mahabarata lan Ramayana kang ditulis dening mpu sedah,mpu panuluh, lan mpu kanwa.

[sunting] Uba Rampe

Cempala : thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon.
Kelir : layar putih kang dibeber kanggo mainke wayang.
Blencong : Senthir kanggo gawe wewayangan, ing jaman saiki ana kalane senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.
Kepyak : digawe seka kuningan kanggo iringane dhalang.
Kothak : wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala
Gedebog/debog : kanggo tancepan wayang.
Gamelan : kanggo ngiringi pagelaran.

[sunting] Simpingan

Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang seka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing njero kothak.

[sunting] Simpingan Kiwa

Ing antarané kang ditata ana ing sisih kiwa yaiku:

  • Indrajid/Meganandha
  • Bukbis/Pratalamaryam
  • Trisirah
  • Trinetra
  • Trikaya
  • Triweneh
  • Trimurdha
  • Dewantaka
  • Dewantumut
  • Narantaka
  • Sagsadewa
  • Kangsa
  • Duryudana
  • Kurupati
  • Setija/Bomanaraksura
  • Bogadenta
  • Sambu
  • Prabu Baladewa kanthi maneka wanda (versi)
  • Gendara/Prabu Suwala
  • Sugriwa
  • Subali
  • Bathara Indra
  • Prabu Basudewa
  • Matswapati
  • Dhestharastra
  • Dasarata
  • Drupada
  • Salya
  • Bismaka
  • Kencakarupa
  • Rupakencaka
  • Basudewa Nom
  • Gardapati
  • Seta
  • Utara
  • Wratsangka
  • Bismaka
  • Setyajid
  • Resi Bisma
  • Ugrasena
  • Singamulangjaya
  • Setyaki
  • Sanga-Sanga/Jayasanga
  • Arya Prabu Rukma
  • Wibisana
  • Supala
  • Suwanda
  • Adipati Karna
  • Dhresthajumena
  • Denthawilukrama
  • Nakula
  • Sadewa
  • Trigantalpati/Suman
  • Kumbayana
  • Narasoma
  • Narayana
  • Lesmanamandrakumara/Sarojakusuma
  • Bathara Panyarikan
  • Bathara Mahadewa
  • Samba
  • Setyaka
  • Warsakusuma
  • Rukmarata
  • Wisanggeni
  • Pinten
  • Tangsen
  • Denawa Bajang/Sukasrana
  • Bayi Denawa

[sunting] Simpingan Tengen

Kang ditata ing sisih tengen diwiwiti seka wayang Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang dipungkasi nganggo wayang bayen.

  • Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang
  • Prabu Tuguwasesa/Jaya Pusaka/Renggani Sura (versi Yogyakarta/Ki Timbul)
  • Bathara Bayu
  • Bima/Werkudara
  • Dhandunwacana
  • Ramabarghawa
  • Pulasiya
  • Bratasena/Dwijasena/Wijasena
  • Jagal Abilawa/Billawa
  • Guru Putra
  • Bathara Brama
  • Gandamana
  • Bathara Tantra
  • Danaraja/Danapati
  • Antareja
  • Gathutkaca
  • Suryakaca
  • Abiyasa Kurda (marah)
  • Jaya Sumpena
  • Sasikirana
  • Antasena
  • Bathara Baruna
  • Puthut Guritna
  • Wisnu Kapiwara
  • Anoman
  • Resi Mayangkara
  • Bathara Guru
  • Bathara Wisnu
  • Kresna
  • Kresna Dipayana (Prabu Abiyasa)
  • Narasinga
  • Ramawijaya
  • Mahapunggung
  • Watugunung
  • Arjunasasrabahu
  • Kuncara Kresna
  • Kuncara Kresna Nom
  • Sentanu
  • Bathara Kamajaya
  • Dasarata
  • Kresna Dipayana
  • Palasara
  • Manumayasa
  • Pandu Dewanata
  • Kariti/Katili/Wilikiti
  • Sekutrem
  • Puntadewa
  • Yudhistira
  • Abiyasa Nom
  • Dewabrata
  • Arjuna
  • Dananjaya
  • Leksmana Widagda
  • Suryatmaja/Suryaputra
  • Permadi
  • Ciptaning
  • Wijakangka
  • Yama Widura
  • Abimanyu
  • Parikesit
  • Dewasrani
  • Bathara Surya
  • Bathara Kamajaya
  • Sakri
  • Sucitra
  • Sumantri
  • Wrehatnala
  • Sanjaya
  • Pancawala
  • Priyambada
  • Irawan
  • Sumitra
  • Sidapaksa
  • Jaya Sampurna
  • Bambangan (srambahan)
  • Bathara Narada
  • Arimbi Yaksi
  • Bathari Durga
  • Anjani
  • Jembawati
  • Setyaboma
  • Rukmini
  • Dresanala
  • Erawati
  • Surtikanthi
  • Banowati
  • Gendari
  • Kunthi
  • Drupadi
  • Madrim
  • Trijatha
  • Bathari Uma
  • Bathari Supraba
  • Bathari Wilutama
  • Dewi Amba sakadhang
  • Bathari Sri
  • Sinta
  • Sumbadra
  • Srikandhi
  • Larasati/Rarasati
  • Utari
  • Pregiwa
  • Pregiwati
  • Sumpaniwati
  • Siti Sundari
  • Titisari
  • Sang Hyang Wenang
  • Dewa Ruci
  • Wayang Bayen/putran

[sunting] Wayang Dhudahan

Wayang dhudahan yaiku wayang kang ora melu disimping nanging mung disimpen ana sajroning kotak. Biasane wayang dhudahan kuwi klebu wayang sing kerap dilakokake dening Ki Dhalang. Contone wayang dhudahan :

1. Dhudahan Kurawa

2. Dhudahan Pandhita lan Dewa

  • Begawan Abiyasa
  • Begawan Sempani/Sapwani
  • Resi Wisrawa
  • Begawan Wilwuk
  • Nagaraja
  • Anantaboga
  • Badawangananala

3.Dhudahan Raseksa (buta) Prepat

4. Dhudahan Panakawan

5. Dhudahan Keparak

6. Dhudahan Prajurit

  • Patih Udawa
  • Druwajaya
  • Pragota
  • Prabawa
  • Patih Tuhayata
  • Patih Saragupita
  • Patih Adimanggala
  • Patih Sabrangan
  • Ampyak/Prampogan
  • Wisata lan Wilmuka
  • Demang Sarapadha/Cekruktuna
  • Wadyabala Buta Pringgodani (Kalabendana, lsp)
  • Wadyabala Buta Ngalengka (Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil Kathaksini lsp)
  • Wadyabala Buta Kajiman/Bajulbarat
  • Wayang Setanan
  • Prajurit Kethek Tambak

7. Dhudahan Wanara

  • Anila
  • Anggada
  • Jembawan
  • Trigangga/Triyangga
  • Kapi Anggeni
  • Kapi Indrajanu
  • Kapi Suwida
  • Kapi Pramujabahu
  • Kapi Kingkin
  • Kapi Warjita/Cacingkanil
  • Kapi Janulen
  • Kapi Menda
  • Kapi Cucak Rawun
  • Kapi Saraba

8. Dhudahan Sato Kewan

  • Gajah(Liman/Dwipangga/Diradha/Matengga.)
  • Banteng (Andhaka)
  • Macam (Simo/Sardhula)
  • Ula (Sarpa/Taksaka)
  • Celeng (wraha)
  • Garudha
  • Kidhang
  • Landhak
  • Jaran (Kudha)

9. Dhudahan Pusaka

  • Kreta Kencana
  • Maneka warna gegaman (Gadha, keris, jemparing, lsp)

[sunting] Para Dhalang

[sunting] Delengen Uga

[sunting] Referensi

[sunting] Wacan

  • Brandon, James (1970) On Thrones of Gold - Three Javanese Shadow Plays. Harvard University Press
  • Clara van Groenendael, Victoria (1985) The Dalang Behind the Wayang. Dordrecht, Foris
  • Keeler, Ward (1987) Javanese Shadow Plays, Javanese Selves. Princeton University Press
  • Keeler, Ward (1992) Javanese Shadow Puppets. OUP
  • Long, Roger (1982) Javanese shadow theatre: Movement and characterization in Ngayogyakarta wayang kulit. Umi Research Press
  • Mellema, R.L. (1988) Wayang Puppets: Carving, Colouring, Symbolism. Amsterdam, Royal Tropical Institute, Bulletin 315.
  • Mudjanattistomo (1976) Pedhalangan Ngayogyakarta. Yogyakarta (basa Jawa)
  • Soedarsono (1984) Wayang Wong. Yogyakarta, Gadjah Mada University Press

[sunting] Pranala njaba

Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wirata | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandheng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Kerajaan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Kerajaan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wayang_kulit&oldid=500327"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès