Nusjirwan Tirtaamidjaja

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Iwan Tirta
Lair 18 April 1935
Cithakan:Bendera holland Blora, Jawa Tengah, Hindia Belanda
Pati 31 Juli 2010 (umur 75)
Flag of Indonesia.svg Jakarta, Indonesia
Kabangsan Indonesia
Pakaryan Desainer

Nusjirwan Tirtaamidjaja (Iwan Tirta), (lair ing Blora, Jawa Tengah, 18 April 1935, tilar donya ing Jakarta, 31 Juli 2010 ing yuswa usia 75 taun) sawijining desainer batik sing wis kondhang saindhenging jagad. Ing babagan nguri-uri budhaya tradisional Indonésia, jenengé pancèn wis misuwur lan kasil mopulèraké batik khas Indonésia nganti tekan manca negara. Senajan sekolah formalé ana ing School of Oriental and African Studies ing London University lan Master of Laws saka Yale University, Amérika Sarékat, Iwan malah nemokaké jati diriné ana ing jagat desain batik. Sumbangan sing paling nyata yakuwi nalika Iwan kasil njelmaaké batik saka selembar kain batik sing sacara tradisional digunakaké kanthi dililitaké ning awak, dadi gaun èdhi pèni sing ora kalah karo gurilapé busana saka manca negara. Iwan kasil ngawinaké kaèndahan batik karo kepraktisan busana "ala" manca negara.[1]

Awal karir[sunting | sunting sumber]

Nusjirwan Tirtaamidjaja sing misuwur kanthi jeneng Iwan Tirta wiwit asring magepokan karo batik nalika ing taun 1960-an, sawektu dhèwèké sinau ing Amerika Serikat. Wektu semana dhèwèké asring ditakoni bab budhaya Indonesia sing ndadèkké Iwan kepéngin kenal budhayané dhéwé. Sakbeneré Iwan Tirta wis kenal budhaya, utamané budhaya Jawa wiwit cilik. Iwan dhéwé nduwèni getih campuran Purwakarta, Jawa Barat, saka bapaké yakuwi Mr Moh Husein Tirtaamidjaja, sawijining anggota Mahkamah Agung RI (1950-1958), lan getih Sumatera Barat saka ibuné sing asalé saka Lintau. Iwan sing lahir di Blora, Jawa Tengah, ajar kenal budhaya Jawa nalika wong tuwané dadi priyayi Jawa nalika ditugasaké ing Jawa Tengah.[2]

Kesengsem marang Batik[sunting | sunting sumber]

Rasa kesengsem karo batik lair nalika Iwan oleh dana John D Rockefeller III kanggo nyinaoni tarian keraton Kesunanan Surakarta. Nalka kuwi Iwan mutusaké arep mendalami batik lan nduwèni tekad arep ndokumentasèaké sarta nglestarèaké batik. Kasil penelitiané ditulis ana ing bukuné sing kapisan, Batik, Patterns and Motifs ana ing taun 1966. lan buku liyané yakuwi Batik, A Play of Light and Shades (1996).[3]

Riset lan pendhidhikan[sunting | sunting sumber]

Sakwisé puluhan taun makarya, Iwan dundum kunci suksèsé. "Kunciné yakuwi riset., pendidikan lan promosi. Kita kurang banget bab sing loro kuwi," ujaré Iwan sing pijer nganggo kemeja batik saben ana acara, nanging uga seneng nganggo kathok pendek denim karo kaos ketat nalika ning ngomah lan siap mbatik. Kakuatan batik Jawa miturut Iwan, sing dadi dhasar batik nasional lan ora bakal bisa ditiru negara liya yakuwi : Sepisan, anané teknik sing baku, yaiku migunaaké malam lan canthing; kaloro, anané pakem arupa ragam hias kanthi dhasar geometris nongeometris; katelu, jalinan erat karo budhaya liya; lan ora gegayutan karo sawijining agama tartamtu.[4]


Prestasi[sunting | sunting sumber]

Seni Kriya[sunting | sunting sumber]

Sakliyané ngrancang busana, Iwan uga seneng marang seni kriya liyané. Amarga cedhak kalangan kraton Jawa, Iwan wiwit njajal ngesokaké jiwa seninéne menyang kerajinan perak. Motif modang, upamané, didadèkaké ragam hias ana ing tutup wadhah perhiasan, sawetara seperangkat wadhah suruh peraké dadi hiasan ing Hotel Dharmawangsa ing Kebayoran Baru, Jakarta Selatan. Iwan uga ndesain perangkat dhahar porselen kanthi nggunaaké motif batik. Energi kreatifé uga disaluraké kanggo ngrancang perhiasan sing inspirasiné saka perhiasan kraton.[5]


Dokumentasi Batik[sunting | sunting sumber]

Iwan terus ndokumentasèaké motif batik tuwa, klebu kagungané Puri Mangkunegaran, Solo, menyang data digital lan kertas kanthi bantuan pengusaha Rachmat Gobel. Data iku mau dadi paugerané wektu ngembangaké motif anyar sing trep karo selera jaman nanging tetep ngugemi ciri khasé, yaiku antara liya werna sing cerah lan motif ukuran gedhé.[6]

Busana Batik[sunting | sunting sumber]

Iwan Tirta wis kasil ndokumentasèaké limang èwu luwih desain batik Indonesia lan karya batiké diterbitaké déning media intemasional. Desain batiké wis diperagaaké ing luwih saka 38 negara lan ing tingkat nasional Iwan Tirta ndesain busana seragam sawetara perusahaan, utamané ndesain busana batik kanggo para kepala negara nalika konferensi APEC ing Jakarta.[7]

Liya-liyane[sunting | sunting sumber]

Galeri[sunting | sunting sumber]

Sawetara galeri kanggo mamèraké produk batik Iwan Tirta antara liya dumunung ing:

  • Jl. Wijaya XIII No. 11A, Jakarta Selatan
  • Pasaraya Grande 4th Floor, East Building
  • Jl. Iskandarsyah II/2, Jakarta Selatan
  • Jl. Panjang Arteri Kedoya No. 21, Jakarta Barat
  • Jl. Panarukan 25, Menteng - Jakarta Pusat

Karya Tulis[sunting | sunting sumber]

  • Batik, Patterns and Motifs
  • Batik, A Play of Light and Shades

Uga Pirsani[sunting | sunting sumber]

Pranala Jaba[sunting | sunting sumber]