Batagor
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonésia |
| Dhaérah | Bandung |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | Tahu lan glepung trigu |
Batagor yaiku salah siji panganan khas kutha Bandung kang digawe saka tahu lan glepung trigu lan bumbu-bambu liya. Batagor yaiku cekakan saka tembung Baso Tahu Goreng.[1] Baso Tahu Goreng utawa batagor iki digawe saka campuran aci (glepung tapioka) lan daging iwak tengiri, kang banjur digoreng lan dipangan nganggo bumbu kacang sing legi lan arada pedhes, biyasane ditambah peresan banyu jeruk purut lan kecap.[2]
Jenis panganan iki akeh ing Bandung, Bogor, lan tlatah liya ing Jawa Barat, nanging saiki Batagor wis ngrambah lan disenengi masyarakat.[3]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Resep
Batagor
- Bahan :
- 250 gr iwak tenggiri, dialusake
- 250 ml banyu es
- 250 gr glepung kanji
- 2 ler godhong brambang, diiris tipis
- 2 ler sledri, iris tipis
- 3 bawang putih, dicincang alus
- ½ - 1 sdt uyah
- ½ sdt mrica bubuk
- 6 buah tahu putih, ukuran 4 x 4 x 2 cm
- 8 lembar kulit pangsit
- minyak kanggo nggoreng
- Pelengkap :
- kecap legi
- saus lombok
- jeruk nipis
- saus kacang
Cara nggawe:
- Campur iwak lan banyu es, diuleni nganti adonan kecampur. Tambahke glepung kanji, godhong bawang, sledri, bawang putih, mrica lan uyah, dikudhak. Adonan dibagi dadi 3, kanggo isi tahu, isi pangsit lan sijine kanggo bakso.
- Tahu diiris diagonal dadi 2 bagian (bentuk segitiga). Tahu dibolongi ing tengahe, remah-remahe disisihake. Adonan kanggo isi tahu dicampur karo remah-remah tahu, banjur diisikake ing jroning tahu. Lakokake tekan kabeh tahu keisi. Jupuk saklembar kulit pangsit, diisi nganggo adonan iwak,lakokake tekan kulit pangsit entek.
- Minyak goreng dipanasake ing wajan, kanggo nggoreng tahu isi lan pangsit tekan wernane kuning semu coklat.
- Jupuk adonan iwak, dibentuk kanthi 2 sendhok, langsung dilebokake jroning minyak panas. digoreng tekan wernane kuning semu coklatan.
- Wadhahake tahu isi, pangsit lan bakso goreng ing dhuwur piring saji, lan diwenehi siraman saos kacang. Dipangan kanthi saus lombok lan kecap, uga bisa diwenenhi peresan jeruk nipis.[4]
Bumbu kacang:
- Bahan
- 300 gram kacang tanah sing wis goreng
- 2 lombok abang
- 5 siung bawang putih
- 100 gram gula jawa
- 2 lembar godhong jeruk purut diiris-iris
- 2 sdm saos tomat
- 2 sdm saos sambel
- 400 ml banyu mateng
Cara nggawe:
- Kabeh bahan dialusake kanthi blender.
- Banjur dimasak ngganggo geni sedheng nganti umeb lan bumbune dadi kenthel.[5]
[sunting] Kandungan Gizi
Gizi ing batagor lumayan akeh, apamaneh bakul menenhi inovasi kanthi nyampurake sayuran, iwak kaya tenggiri lan tuna. Kakehan bakul batagor nganggo campuran iwak tenggiri. Iwak sing jeneng ilmiah 'Scomberomorus Commerson' nduweni manfaat kaya Omega 3 kanggo njaga kesehatan jantung, ngedhunake tekanan darah, sarta penyakit liya sing ana hubungane karo penyumbatan pembuluh darah, sarta neken pertumbuhan sel-sel kanker. Iwak tenggiri uga ngandhut akeh protein.[6]
[sunting] Sejarah
Ana 2 pendhapat kang ngadhakake sajarah batagor, yaiku;
- Pendhapat 1 : Sawijining dina ana mahasiswa kang kuliah ing perguruan tinggi ing Bandung kang lagi sibuk nggarap TA tekan wayah wengi. Sawijining wengi dheweke krasa luwe banjur metu saperlu golek panganan. Dheweke ketemu bakul bakso nanging bakul mau ora gelem nglayani amarga wis wengi lan bakal rugi. Kanggo nglangi rasa luwe dheweke terus meneho saran kanggo bakul bakso supaya nggoreng bakso tahu iku. Bakul mau sarujuk lan tanpa sadhar, dheweke wis nemokake resep panganan anyar saka panganan sing wis ana sakdurunge. Saka kono, jenenge batagor ditemokake, yaiku singkatan saka Bakso Tahu Goreng.[6]
- Pendhapat 2 :Awale, bakul batagor dimulai ing tlatah Kopo dening bapak Isan taun 1973, saengga dikenal kanthi jeneng Batagor Isan, banjur pirang-pirang taun sakwise, pengusaha batagor tambah akeh, malah uga ana rumah makan kang khusus nyiapake batagor.[7]
[sunting] Jenis-jenis Batagor
- Batagor Kuah
- Batagor daging
- Batagor Iwak
- Batagor bayam.[6]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ (id)[1] Batagor (diaksés tanggal 8 September 2011)
- ↑ (id)[2] Batagor (diaksés tanggal 8 September 2011)
- ↑ (id)[3] Batagor (diaksés tanggal 8 September 2011)
- ↑ (id)[4] Batagor (diaksés tanggal 9 September 2011)
- ↑ (id)[5] Batagor (diaksés tanggal 9 September 2011)
- ↑ a b c (id)[6] Batagor (diaksés tanggal 9 September 2011)
- ↑ (id)[7] Batagor (diaksés tanggal 9 September 2011)
