Mrica
| Tanduran Mrica | |
|---|---|
| Tanduran Mrica | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Piperales |
| kulawarga: | Piperaceae |
| Genus: | Piper |
| Species: | P. nigrum |
| Jeneng binomial | |
| Piper nigrum L. |
|
Mrica kuwi tanduran obat kang bisa uga dadi bumbu masakan, mrica iki anduwèni khasiat ngangetaké awak lan nyegah lelara kanker, tanduran iki kalebu rempah-rempah kang akèh thukul neng dhaérah Indonésia[1].
Bab lan Paragraf |
Khasiat Mrica [sunting]
Akèh khasiat saka Mrica, kayata:
- Nyegah kanker payudara amerga mrica anduwèni senyawa pipérin kang bisa nyegah tukule penyakit tumor lan kanker kang ana ing payudara [2].Khasiat kanggo kanker luwih apik menawa di racik karo kunir.
- Mrica bisa kanggo ''scrub'' kulit atawa lulur amerga tandhuran iki bisa didadékaké ''scrub'' kanggo ngalusaké kulit, rasané kang anget bisa ngerangsang sirkulasi getih, dadi mrica iki bisa anggawe kulit luwih bernutrisi amerga aliran oksigén lancar. Tékstur mrica kang kasar bisa digunakaké kanggo ngangkat sél-sél kulit mati [2].
- Obat watuk, merica kang anduwéni senyawa kimia alami, bisa mengiritasi selaput lendir lan anggawé selaput lendir bisa luwih aktif ngetokaké lendir kanggo ngresiki irung lan isa nyaring lelebu kang kagawa angin[2].
- Mrica kang anduweni zat capsaicin, atawa dihydrocapsiate (DCT) bisa mbakar kalori lan lemak [3]
- Nyegeraké awak[4].
- Ngangetké awak kang lagi katisen[4]
- Ngerangsang semangat[4]
- Obat weteng kembung[4]
- Ngerangsang metuné Kringet[4]
- Obat ambekan kang sesek atawa asma[4]
- Dadi karminatif, diaforetik lan analgesik[4]
- ugi bisa kanggo anggawe awak luwih singset, amerga mrica bisa bakar lemak[5]
Morfologi tanduran mrica [sunting]
Tanduran iki kalebu tanduran ngrambat kang oyoté nèmpèl ana ing tanduran liya atawa barang liya, dawané antara 5-15 m. godhong seling-selingan atawa nyebar. Godhong kuwi mau bentuké bunder pucuké lancip kira-kira anduweni diameter 5-15cm lan dawané 8-20 cm, neng pinggir woh ana kelenjar-kelenjar kang ora katon,Bulir padha misah-misah,gantungan ana pucuk atawa adepan karo godhong,anduweni godhong pelindung kang dawané watara 4-5 mm. Uwohe kayata buni, bunder-bunder [4].
Jeneng Daerah [sunting]
Mrica anduweni jeneng liyan, kayata[4]:
- Lada (Aceh)
- Laudeu pedih (Gayo)
- Lada (Batak)
- Lada (Nias)
- Raro (Mentawai)
- Lada kecik (Bengkulu)
- Lade ketek (Minangkabau)
- Lada (Lampung)
- Lada, pedes (Sunda)
- Merica (Jawa)
- Maicam, mica (Bali)
- Saha (Bima)
- Saang (Flores)
- Sahang laut (Dayak)
- Sahang (Sampit)
- Kaluya (Jawa)
- Marisa (Jawa)
- Malita Lodawa (Gorontalo)
- Marisano (Sepa)
- Rica (Jawa)
- Rica polulu (Ternate)
- Mica (Jawa)
- Rica tamelo (Tidore)
(Anonim, 1980)
Kandhutan kimia [sunting]
Mrica anduwèni kandhutan minyak atsiri, pipen, koriofilen, limonen, filendren, alkaloid piperin, kavisin, piperitin, piperidin, zat pait lan minyak lemak (Soedibyo, 1998). Piperin kang kalebu bahan aktif atawa alkaloid kang anduweni rasa pedes lan mambu kang anget. Kandungan bahan kimia piperin kang ana ning mrica watara 5-9%. Piperin iki uga bisa dienggo pangobatan tradisional lan kanggo insektisida[4].
Pranala njaba [sunting]
- (en) Manfaat nutrisi yang terkadung dalam lada hitam
- (en) [http://www.plantcultures.org.uk/plants/black_pepper_landing.html Sejarah budidaya lada di Asia
Cathetan Suku [sunting]
- ^ tanaman obatdipununduh tanggal 12 April 2011
- ^ a b c Penelitian University of Michigan, Amérika Serikat dipununduh tanggal 10 April 2011
- ^ KOMPASdipununduh tanggal 10 April 2011
- ^ a b c d e f g h i j Uji Sitotoksik Ekstrak Etanol 70% Buah Mrica Hitam (Piper nigrum L.) dipununduh tanggal 10 April 2011
- ^ mediabidan.comdipununduh tanggal 12 April 2011
|
||||||||