Alkaloid

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Alkaloid yaiku salah sijiné golongan senyawa basa bernitrogen kang akèh-akèhé heterosiklik lan katemokaké ing wit-witan (ananging uga isa katemokaké ing kewan). Asam amino, peptida, protein, nukleotid, asam nukleik, gula amino lan antibiotik biasané ora digolongaké minangka alkaloid. Lan kanti prinsip kang padha, senyawa netral kang sacara biogenetik berhubungan karo alkaloid kalebu ing golongan iki.[1]

Kategori [sunting]

Alkaloid biasané diklasifikasikan miturut kesamaan sumber asal molekulé (precursors), didasari kanti metabolisme pathway (metabolic pathway) kang digunakaké kanggo mbentuk molekul iku. Yèn biosintesis saka salah sijiné alkaloid ora dingertèni, alkaloid digolongaké miturut jeneng senyawané, kalebu jeneng senyawa kang ora ngandung nitrogen (amerga struktur molekulé ana sajroné produk akhir. Minangka tuladha: alkaloid opium kadang disebut "phenanthrenes"), utawa miturut jeneng wit-witan utawa kéwan kang ngendi senyawa iku diisolasi. Yèn sakwisé alkaloid iku dikaji, penggolongan salah sijiné alkaloid diubah miturut hasil pengkajian iku, biasané njikuk jeneng amine penting-sacara-biologi kang mencolok sajroné prosès sintesisnya.


Sumber lan Sejarah [sunting]

Alkaloid dihasilaké dening banyak organisme, mulai dari bakteria, fungi (jamur), tumbuhan, lan kéwan. Èkstraksi secara kasar biasané kanti gampang isa dilakokaké ngléwati teknik ekstraksi asam-basa. Rasa pahit utawa getir kang dirasakaké ilat isa disebapaké dening alkaloid.

Istilah "alkaloid" (berarti "mirip alkali", amerga dianggap bersifat basa) pertama kali dienggo dening Carl Friedrich Wilhelm Meissner (1819), salah sijiné apoteker saka Halle (Jerman) kanggo nyebut pira-pira senyawa kang dipikantuki saka ekstraksi wot-witan kang sipaté basa (ing waktu iku wis dikenal, kayata, morfina, striknina, sarta solanina). Nganti saiki dikenal sekitar 10.000 senyawa kang kagolong alkaloid kanti struktur beragam banget, sahingga nganti saiki ora ana batasan kang jelas kanggoné.

Cathetan Sikil [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Alkaloid&oldid=835322"