Piperaceae
| Piperaceae | |
|---|---|
| Piper nigrum, from Koehler (1887) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiosperms |
| (unranked): | Magnoliidae |
| ordo: | Piperales |
| kulawarga: | Piperaceae Bercht. & J.Presl (1820) |
| genera | |
|
Arctottonia |
|
Suku Sirih-sirihan utawa Piperaceae iku salah siji suku anggota tetanduran ngembang. Suku iki diakoni anané déning akèh sistem klasifikasi tanduran.
Sistem klasifikasi APG II nglebokaké ing sajroning bangsa Piperales lan klad magnoliids.
Sistem klasifikasi Cronquist nglebokaké jroning bangsa Piperales, anak kelas Magnoliidae, lan kelas Magnoliopsida.
Kembangé majemuk, kasusun jroning rèntèngan (kembang rèntèng). Wohé cilik, garing, lan atos, kagolong woh watu.
Aanggotané watara 1.300 jinis (kanthi watara selusin genera), akèh sing dimanfaataké minangka bahan pangobatan utawa bumbu. Marga sing paling populèr yakuwi Piper. Mrica, sing putih lan sing ireng, minangka bumbu masak populèr asal saka wohé lada (P. nigrum). Sawisé uyah, mrica iki klebu rempah-rempah siang paling umum dianggo ing saindhenging donya. Saka oyot Piper methyscum, pedunung kawasan Pasifik gawé kava, yaiku sajinis ombènan sing gawé mabuk kanggo kaperluan upacara.