Klade

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Klad)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Panglompokan reptilia lan manuk umumé dianggep monofiletik.

Klad utawa klade iku sawijining klompok taksonomi sing nduwèni siji leluhur bebarengan lan kabèh katurunané uga asal saka moyang kasebut. Klompok kaya ngéné iku diarani klompok monofiletik, sing bisa digambaraké liwat analisis filogenetika, kaya kacetha jroning diagram pohon utawa sawijining kladogram.

Yèn sawijining klad sacara konsisten tansah muncul jroning manéka analisis kladistika kanthi migunakaké manéka himpunan data, klad kasebut bisa diadopsi jroning taksonomi lan bisa dadi sawijining takson. Senadyan mangkono, ora kabèh takson sing diakoni wektu iki bisa dianggep minangka klad. Reptilia, umpamané, minangka klompok parafiletik amarga ora nglebokaké aves (manuk) sing uga dianggep ngalami évolusi saka leluhur sing padha karo reptilia.

Jroning kladistika, sawijining klad sing ana ing sawiji klad liya diarani "tersarang" jroning klad kasebut. Klad sing tersarang kasebut nduwèni sawetara kagunaan, umpamané bisa mènèhi cakupan èkspansi ing sawiji wilayah geografis sing kaisolasi.

Pranala jaba [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Klade&oldid=754254"