Kunir

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kunir
Curcuma longa
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
ordo: Zingiberales
kulawarga: Zingiberaceae
Genus: Curcuma
Species: C. longa
Jeneng binomial
Curcuma longa
Linnaeus[1]

Kunir (basa Indonésia: Kunyit, basa Inggris: Turmeric basa Latin: Curcuma longa) iku sajinis tetanduran empo-empon taunan saka kulawarga jaé, Zingiberaceae.[2] Tuwuhan iki asli saka tlatah Asia Kidul lan mbutuhaké temperatur antara 20°C lan 30°C lan kudu cukup curah udan taunan supaya bisa urip.[3] Tetanduran iki dipanèn saben taun lan dijupuk uwiné.

Bab lan Paragraf

[sunting] Nomenklatur lan taksonomi

Kingdom | Plantae (plants), Phylum | Magnoliophyta (flowering plants), Class | Liliopsida (monoctyledons), Order | Zingiberales (gingers, bananas, birds-of-paradise, heliconias, costus, cannas, prayer plants, arrowroots, etc.), Family | Zingiberaceae (ginger family), Genus | Curcuma (curcuma), Species | Curcuma longa (common turmeric),

[sunting] Paédah

[sunting] Kulinèr

Glepung kunir digunakna ing masakan Asia Kidul.
Glepung kunir

Kunir tuwuh liar ing alas Asia Kidul-wétan. Kunir dadi bumbu masakan utama ing India, Persia, Thailand lan Malaysia, ora mung ing sajroning masakan kari, nanging uga ing nasi lemak, rendnang lan sapanunggalané.

Ing Indonésia, godhong kunir dipigunakaké kanggo masak masakan Padhang, kayata rendhang, saté padhang lan akèh jinis masakan liyané. Saliyané iku kunir uga minangka tanduran empon-empon sing migunani kanggo obat utawa jamu, sing bisa nglancaraké ilèn getih lan ngandhut dat antibiotik.

[sunting] Rujukan

  1. Curcuma longa information from NPGS/GRIN. www.ars-grin.gov. URL diaksès tanggal 2008-03-04
  2. Chan, E.W.C. et al. (2009). "Effects of different drying methods on the antioxidant properties of leaves and tea of ginger species". Food Chemistry 113 (1): 166–172. DOI:10.1016/j.foodchem.2008.07.090. URL diakses pada 2009.
  3. Materia Indica, 1826, Whitelaw Ainslie, M.D. M.R.A.S., via Google Books

[sunting] Pranala jaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kunir&oldid=655834"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès