Nangka

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Nangka
Buah nangka
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Rosales
kulawarga: Moraceae
Genus: Artocarpus
Species: A. heterophyllus
Jeneng binomial
Artocarpus heterophyllus
Lamk.


Nangka iku sajinis wit, sekaligus wohé. Wit nangka klebu suku Moraceae; jeneng èlmiahé yaiku Artocarpus heterophyllus. Jroning basa Inggris, nangka dikenal minangka jackfruit.

Bab lan Paragraf

[sunting] Pemerian

Wit nangka umumé nduwèni ukuran sedheng, nganti watara 20 m dhuwuré, senadyan ana sing nganti 30 m. Wité bunder silindris, nganti watara 1 m garis tengahé. Tajuk wit nangka padhet lan ketel, bunder lan amba yèn uripé ing panggonan sing kabuka. Kabèh bagéan tuwuhan iki ngetokaké dhadhak putih kenthel yèn dikeret.

Godhong tunggal, nyebar, mawa gagang 1-4 cm, helai godhong rada kandel kaya kulit, kaku, pinggiré rata, lonjong kuwalik nganti jorong (dawa), 3,5-12 × 5-25 cm, kanthi pangkal nyiut mbaka sethithik, lan pucuké cendhak lancipruncing atau agak runcing. Daun penumpu bulat telur lancip, dawa nganti 8 cm, gampang rontok lan ninggalaké tilas kaya ali-ali.

[sunting] Asal-usul lan panyebaran

Nangka diyakini asal saka India, yakuwi wilayah Ghats bagéan kulon, jinis-jinis liaré isih tuwuh ing alas udan ing tlatah iki. Saiki nangka wis nyebar ing dhaérah-dhaérah tropik, utamané ing Asia Tenggara.

[sunting] Deleng uga

[sunting] Wacan

  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.

[sunting] Pranala jaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Nangka&oldid=629271"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès