Sop
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sop kenthang Romania |
|
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonésia lan donya |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | janganan, daging lan bumbu |
Sop yaiku jangan kang ana duduhé, seger rasané. Sop digawé saka janganan yaiku kul, sawi, kembang kul, onclang, kenthang, kacang kapri, tomat, lan slèdri. Bumbune digawe saka bawang, uyah, mrica, lan gula pasir. Diwènèhi duduh bèn seger. Uga ana sop kang digawé kenthel. Sop kuwi yèn ing Walanda diarani Cream Soup. Cream soup kagawé saka glepung kanji, endhog, janganan kang dicacah alus, lan daging kang dicacah alus. Janganan lan daging diwènèhi miturut seléra. Biyasané cream soup didhahar nganggo roti. Sop lan cream soup énak didhahar nalika isih anget lan ing mangsa rendheng.