Sendhi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sendhi yaiku sesambungan antarane balung siji marang balung liyane saengga balung bisa diobahake. Sesambungane balung loro diarani persendhian (artikulasi).
Komponen panunjang [sunting]
Pirang-pirang komponen panunjang sendhi:
- Kapsula sendhi yaiku lapisan mawa serat kang nglapisi sendhi. Ing njerone ana rongga.
- Ligamen (ligamentum) yaiku jaringan kang bentuke pita kang
kasusun saka serat-serat liat kang ngiket balung siji marang balung liyane ing sendhi.
- Balung rawan hialin (kartilago hialin) yaiku jaringan balung rawan kang nutupi kekarone pucuk balung. Balung iki nduweni fungsi kanggo njaga jeblogan.
- Cairan sinovial yaiku cuwéran pelumas ing kapsula sendhi.