Gula
Gula (ngoko) utawa Gendhis (krama) iku ing basa Latin diarani sacharose / sucrose. [1]Gula iku sawijining bahan sing dienggo nggawé legi utawa ngawètaké panganan. [1] Gula iku biasané ana telung warna:[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Gula Rafinasi
Gula rafinasi iki meh padha kaya gula putih ananging mbebayani tumprap kaséhatan.[2] Gula rafinasi iki regané luwih murah tinimbang gula putih biyasa.[2] Gula rafinansi iki ora layak dikonsumsi.[2] Supaya bisa dikonsumsi gula rafinasi kudu diolah maneh amarga gula iki rupané rada coklat lan ana uga kang rupané ireng, lan gulané alus banget.[2] Yen gula iki langsung dicampur ing tèh utawa kopi bisa ngganggu kasehatan amarga gula iki maragaké kanker.[2] Gula rafinansi iki biyasané gula kang diimpor saka manca negara.[2]
[sunting] Gula Bit
Gula bit bisa dikembangaké ing Indonésia, awit negara Indonésia kalebu negara tropis.[3] Umur tanduran saka gula bit nganti panén kurang luwih 4,5 nganti 11 sasi.[3] Tanduran gula bit ora mbutuhaké akéh banyu. [3]Tanduran iki luwih ngirit banyu kira-kira 30 persén tinimbang tanduran tebu.[3] Tanduran gula bit bisa urip ing werna-werna jinis lemah, malah bisa uga urip ing lemah kang kandungan garam tanahé akeh banget.[3] PH kang cocok kanggo urip tanduran bit rata-rata pH > 5,5.[3]
Bit (Beta vulgaris)kalebu famili Chenopodiaceae.[4] Varietas tanduran iki kang paling dikenal yaiku beetroot utawa garden beet kang rupané abang utawa ungu.[4] Varietas saka budidaya bit liyané yaiku sayurankang arupa godhong kang diarani chard lan spinach beet. [4]Saliyane iku ana sayuran kang ana oyoté kang diarani gula bit.[4]
Tanduran bit wernané abang rada wungu.[4] Tanduran bit ngandhut serat kang akéh lan uga ngandhut zat besi.[4] Kanggoné para vegetarian utawa vegan bisa ngonsumsi bit supaya ora kurang zat besine.[4] Zat besi umumé ditemokaké ing daging kang seger.[4]
Amarga kandungan bit ngandhut serat kang akeh ing oyot lan godhonge, bangsa Romawi Kumo nggunakaké dadi obat sembelit.[4] Bit uga bisa dadi pewarna abang kang alami.[4] Pewarna saka bit bisa kanggo nggawé kue pepe utawa lapis sagu.[4]Nalika sepisanan nggawe Red Velvet Cake dadi simbol kue Amérika bagian Selatan isih nggunaké jus bit dudu pewarna abang gawéyan.[4] Gula iku olèhé ana kudu karo prosès kimia.[4] Gula bit kang diasilaké wernané putih.[5] Gula iki bisa digunakaké ing kluwarga utawa ing pabrik utawa industri kanggo nggawé ombenan.[5]Kaya gula kang isih mentah, gula kang isih ngandhut jus diolah lan nduwéni produk samping kang diarani molase bit.[5]' 'Molase bit bisa dadi pakan ternak lan dikirim ing pabrik fermentasi tanduran kayata pabrik penyulingan alkohol.[5]
[sunting] Gula Jawa
Gula jawa uga diarani gula [abang]] utawa gula arén.[6] Gula jawa iki cara nggawéné luwih alami saéngga zat-zat kang ana ing gula iki ora nganggu kaséhatan apa manéh ngrusak awak.[6] Gula jawa uga ora mbutuhaké proses penyulingan kang bola-boli lan ora nggunakake tambahan bahan kimia kanggo gawé murni.[6] Gula jawa nduwéni nilai indeks glikemik luwih rendah saéngga ora nggawé gula darah mundhak. [6]Kanthi alasan iku mau, gula jawa uga kena digunakaké wong kang lara diabétes amarga nutrisi kang ana ing gula iki luwih akéh.[6]
Saliyané kandungan gula kang luwih sithik, gula iki uga ngandhut senyawa- senyawa liyané kang akéh manfaaté kayata thiamine,riboflavin, asam askorbat, protein lan uga vitamin C.[6]
[sunting] Gula Tebu
Gula tebu uga diarani gula pasir. [7]Diarani gula tebu amarga bahané digawé saka tebu.[7] Diarani gula pasir amarga bentuké butiran cilik-cilik mirip pasir.[7] Gula tebu bisa kanggo campuran yèn nggawé wedang teh utawa wedang kopi. [8]Saliyané iku gula tebu uga bisa kanggo masak lan nggawé sirup.[8]
[sunting] Galeri
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c (id)regional.kompas.com(dipunundhuh tanggal 4 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f (id)www.tempointeraktif.com(dipunundhuh tanggal 4 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f (id)http://ditjenbun.deptan.go.id(dipunundhuh tanggal 4 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m (id)www.food-info.net(dipunundhuh tanggal 4 Mei 2011)
- ↑ a b c d (id)http://goorme.com(dipunundhuh tanggal 4 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f (id)http://health.detik.com(dipununundhuh tanggal 4 Mei 2011)
- ↑ a b c {{id}http://www.tropicanaslim.com(dipunundhuh tanggal 4 Mei 2011)
- ↑ a b (id)http://www.antaranews.com(dipunundhuh tanggal 4 Mei 2011)

