Gula Jawa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gula jawa

Gula Jawa diarani uga gula klapa, gula abang, gula aren atawa gula Melaka ing Malaysia, iku sawijining gula sing digawé saka nira, legèn utawa tlutuh sing tumetes saka manggar klapa[1]. Gula jawa wernané cokelat lan wanguné manut karo cithakané. Yèn dicithak nganggo bathok klapa wanguné dadi kaya bal disigar, nanging yèn dicithak ngaggo pring wanguné bunder kaya silinder [2].


[sunting] Khasiaté Gula Jawa (Gula Abang/Gula Aren)

Rasané kang manis tur gurih anggawe gula iki asring kanggo bahan gawe masakan lan jamu.

Kejaba iku, Gula iki anduweni khasiat kang apik kanggo awak, kayata [3]:

  1. Ngandung mineral
  2. Kandungan gula (sukrosa) kang ana neng Gula Abang luwih sithik tinimbang gula biasa.
  3. Ngandung Thiamine, Riboflavin, Nicotinic Acid, Ascorbic Acid, protein lan vitamin C.
  4. Apik kanggo terapi asma, kurang darah atawa anemia, lepra/kusta, lan apik kanggo bocah cilik
  5. Bisa kanggo ngurangi watuk karo demam
  6. Apik kanggo uwong kang keneng typhus.
  7. Bisa kanggo ngerampingké awak
  8. Ngurangi panasing pankreas
  9. Nguatké jantung
  10. Nguatké untu
  11. Khasiaté ora kalah kaya madu.

Lan efek apik liyane kanggo awak [4]

[sunting] Delengna uga

  1. Cara gawe gula jawa [5]

[sunting] Cathetan Suku

  1. pangan kesehatandipununduh tanggal 12 April 2011
  2. http://www.kidnesia.com/Kidnesia/Indonesiaku/Propinsi/Jawa-Timur/Hasil-Bumi/Gula-Aren dipununduh tanggal 07 April 2011
  3. http://www.javasecret.com/ingin-sehat-ganti-pemanis-anda-dengan-gula-jawa.html dupununduh tanggal 04 April 2011
  4. sehat setiap haridipununduh tanggal 12 April 2011
  5. sains INDONESIAdipununduh tanggal 12 April 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gula_Jawa&oldid=668085"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès