Pasir

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Pasir

Pasir yaiku bahan amterial kang bentuke butiran utawa bunder-bunder ananaging ukurané cilik. [1]Bunder-bunder pasir ukurané 0,0625 nganti 2 milimeter.[1] Matéri utawa bahan kang mbentuk pasir yaiku silikom dioksida, ananging ing panté tropis lan subtropis umumé pasir dibentuk saka kapur.[1] Jinis pasir yaiku pasir silika, pasir chromit, pasir zircon.[1] Pasir siika yaiku pasir sintesis utawa pasir gawéyan Pasir iki nduwéni kadar SiO2 95%.[1] Pasir silika kalebu pasir kang nduweni kualitas apik lan sithik impuritis.[1] Pasir silika kalebu pasir kang akeh digunakaké awit regane kang murah lan cacahé kang akéh.[1]

Pasir Zirkon yaiku pasir kang kasusun dening ZrO2.SiO2. Pasir zirkon wernané coklat utawa abang rada kuning.[1] Pasir iki asalé saka zirkonium murni kang nduwéni neutron sithik, pasir iki kuwat sanajan manggon ing temperatur kang dhuwur.[1] Pasir zirkon tahan karo korosi kimia, saliyané kanggo cithakan pasir, pasir jinis iki uga kena kanggo reaktor nuklir lan radiometric dating.[1]

Pasir kali utawa pasir bangunan yaiku pasir kng ditemokaké ing pinggir-pinggir kali.[1] Pasir iki asalé saka pecahan watu kang ngendhap éwonan taun utawa ana material kang gunung kang kéntér nganti tekan kali.[1] Pasir iki biyasané kanggo campuran material bangunan kayata semen, gamping.[1] Pasir jinis iki regané murah.[1] Biyasané didol kanthi cara rit utawa sak trek.[1]

Nambang pasir kudu tetep njaga lan gatékaké lingkungan.[2] Akéh wong-wong kang nambang pasir nganggo alat-alat berat saéngga ngrusak lingkungan. [2]Ana uga wong kang nambang pasir kang nganggo alat kang isih manual.[2] Kang nglakoni iki biyasané para warga sakupengé kali kang ngandhut pasir.[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o (id)metrotvnews.com(dipunundhuh tanggal 13 Juni 2011)
  2. a b c d (id)regional.kompas.com(dipunudhuh tanggal 13 Juni 2011)


Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pasir&oldid=681405"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès