Wedhi
Wedhi' (basa Indonésia: Pasir) yaiku bahan material kang wujudé butiran utawa bunder-bunder ananging ukurané cilik. [1]Bunder-bunder wedhi ukurané 0,0625 nganti 2 milimeter.[1] Matéri utawa bahan kang mbentuk pasir yaiku silikom dioksida, ananging ing panté tropis lan subtropis umumé wedhi dibentuk saka kapur.[1] Jinis wedhi yaiku wedhi silika, wedhi chromit, wedhi zircon.[1] Wedhi siika yaiku wedhi sintèsis utawa wwedhi gawéyan wedhi iki nduwèni kadhar SiO2 95%.[1] Wedhi silika kalebu wedhi kang nduwèni kualitas apik lan sithik impuritis.[1] Wedhi silika kalebu wedhi kang akèh digunakaké awit regané kang murah lan cacahé kang akéh.[1]
Wedhi Zirkon yaiku wedhi kang kasusun dening ZrO2.SiO2. Wedhi zirkon wernané soklat utawa abang rada kuning.[1] Wedhi iki asalé saka zirkonium murni kang nduwèni neutron sithik, wedhi iki kuwat sanajan manggon ing temperatur kang dhuwur.[1] Wedhi zirkon tahan karo korosi kimia, saliyané kanggo cithakan wedhi, wedhi jinis iki uga kena kanggo reaktor nuklir lan radiometric dating.[1]
Wedhi kali utawa wedhi bangunan yaiku wedhi kang ditemokaké ing pinggir-pinggir kali.[1] Wedhi iki asalé saka pecahan watu kang ngendhap éwonan taun utawa ana material kang gunung kang kéntér nganti tekan kali.[1] Pasir iki biyasané kanggo campuran material bangunan kayata semèn, gamping.[1] Pasir jinis iki regané murah.[1] Biyasané didol kanthi cara rit utawa sak trek.[1]
Nambang wedhi kudu tetep njaga lan gatèkaké lingkungan.[2] Akéh wong-wong kang nambang wedhi nganggo alat-alat berat saéngga ngrusak lingkungan. [2]Ana uga wong kang nambang wedhi kang nganggo alat kang isih manual.[2] Kang nglakoni iki biyasané para warga sakupengé kali kang ngandhut wedhi.[2]