Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Semèn yaiku zat kang kanggo ngraketaké watu, bata, batako, utawa bahan bangunan liyané.[1] Tembung semèn asalé saka tembung caementum (basa Latin),kang tegesé ngethok-ngethok dadi luwih cilik lan ora aturan bentuké.[2] Sanajan tau misuwur ing jamané, semèn made in Napoli iki wis ora diprodhuksi manèh.[2] Semèn iki ora diprodhuksi sawisé ambruké krajaan Romawi, kurang luwih abad pertengahan nalika taun 1100-1500 M.[2] Semèn resèp ramuan pozzuolana iki wis ora diprodhuksi manéh.[2]
Jroning owah gingsiring pradhaban manungsa ing babagan wewangunan, kerep ana crita yèn para leluhur ing jaman biyèn bisa ngraketakè watu-watu kang gedhé mung nganggo putih endhog, ketan lan liya-liyané.[2] Ananging uga bisa mbangun wewangunan kayata bangunan-bangunan kang fénomènal.[2] Contoné Candhi Barabudhur utawa Candhi Prambanan ing Indonésia, kreteg ing Cina kang miturut legendha mung nggunakaké ketan kanggo ngraketaké.[2] Saliyané iku ana uga kang nggunakaké aspal alam kayata ing pradhaban ing Mahenjo Daro lan Harappa ing India utawa wewangunan kuna kang ditemokaké ing Pulo Buton Bener lan orané, crita, legendha iku nuduhaké yèn semèn wis dikenal wiwit jaman biyèn.[2] Sadurungé nganti dadi bentuk kang kaya saiki, kanggo nèmpèlaké lan ngraketaké wewangunan mung nggunakaké campuran watu kapur lan awu vulkanis.[2] Kang sepisanan ditemokaké ing jaman Krajaan Romawi, panceré ing Pozzuoli, cerak teluk Napoli, Italia. Bubuk iku banjur diwènèhi jeneng pozzuolana.[2] Ing abad kang kaping 18 (ana uga sumber kang nyebutaké kurang luwih taun 1700-an M), John Smeaton yaiku insinyur kang asalé saka Inggris nemokaké ramuan kuna kanggo ngraketaké material bangunan iki.[2] Dhèwèké nggawé adhonan saka campuran watu kapur lan lemah lempung nalika nggawé lan mbangun menara suar Eddystone ing pinggir panté Cornwall, Inggris.[2]
[sunting] Kandhutan dat kimia
- Trikalsium silikat
- Dikalsium silikat
- Trikalsium aluminat
- Tetrakalsium aluminofe
- Gipsum
Jinis semèn
| No.SNI |
Jeneng |
| SNI 15-0129-2004 |
Semèn portland putih |
| SNI 15-0302-2004 |
Semèn portland pozolan / Portland Pozzolan Cement (PPC) |
| SNI 15-2049-2004 |
Semèn portland / Ordinary Portland Cement (OPC) |
| SNI 15-3500-2004 |
Semèn portland campur |
| SNI 15-3758-2004 |
Semèn masonry |
| SNI 15-7064-2004 |
Semèn portland komposit |
[sunting] Konsumsi lan Ekspor Semèn Indonésia
Konsumsi lan Ekspor Semèn Indonésia
| Taun |
Konsumsi Nasional (jroning ton) |
Ekspor(jroning ton) |
| 1990 |
13.762.000 |
2.516.000 |
| 1991 |
15.513.000 |
1.041.000 |
| 1992 |
15.801.000 |
2.570.000 |
| 1993 |
17.804.000 |
1.409.000 |
| 1994 |
21.527.000 |
536.000 |
| 1995 |
23.979.000 |
154.000 |
| 1996 |
25.374.000 |
330.000 |
| 1997 |
27.940.000 |
801.000 |
| 1998 |
19.243.000 |
4.420.000 |
| 1999 |
18.769.000 |
5.108.000 |
| 2000 |
22.290.000 |
4.903.000 |
| 2001 |
25.530.000 |
5.750.000 |
| 2002 |
27.180.000 |
4.183.000 |
| 2003 |
27.528.000 |
3.073.000 |
| 2004 |
30.069.000 |
2.946.000 |
| 2005 |
31.433.000 |
3.289.000 |
| 2009 |
38.400.000[3] |
|
| 2010 |
41.500.000[4]* |
3.000.000[5] |
| 2011 |
45.000.000[6] |
2.000.000[7]* |
| 2012 |
48.150.000[8]* |
|
- Sumber: Kanggo taun 1991 nganti 2005 saka Departemen Perindustrian, Direkterat Agro dan Kimia taun 2006
- Katrangan = (*) : Predhiksi
[sunting] Pabrik Semèn ing Indonesia
[sunting] Cathetan suku