Kapur
Kapur yaiku barang kang rupané putih kang duwèni tekstur alus lan digawé saka watu sedimén.[1] Kapur bisa mbentuk watu kang kasusun saka mineral kalsium.[1] Biyasané kapur relatif kabentuk ing bagéyan njero segara kanthi kahanan watu-watu kang ngandhut lempengan kalsium plates (coccoliths) kang kabentuk dening mikroorganisme coccolithophores.[1] Kapur biyasané uga ditemokaké ing batu api lan chert kang ana ing kapur.[1]
Watu kapur utawa kang diarani watu gamping kabentuk saka pirang-pirang cara.[2] Cara organik, cara mekanik, lan cara kimia.[2] Watu kapur kang ana ing alam akéh-akéhé kabentuk saka cara organik.[2] Watu kapur jinis iki kabentuk saka cangkang utawa omah kerang lan bekicot, foraminifera utawa ganggang kang ngendhap.[2] Saliyané iku uga kabentuk saka kéwan-kéwan koral utawa kerang. [2]Watu kapur rupané ana sing putih susu, abu-abu enom, abu-abu tuwa, coklat nganti ireng.[2] Werna iki gumantung saka mineral kang nyusun watu kapur.[2]
Mineral karbonat kang umumé ditemokaké ing gamping ya iku aragonit (CaCO3). [2]Mineral iki kalebu mineral metastable.[2] Diarani mineral metastable awit ing wektu kang tinamtu bisa malih dadi kalsit (CaCO3).[2] Mineral liyané kang umumé ditemokaké ing watu kapur utawa dolomit yaiku Siderit (FeCO3), ankarerit (Ca2MgFe(CO3)4), lan magnesit (MgCO3).[2] Ananging mineral iki ditemokaké kanthi jumlah mung sithik.[2]
Kapur gunané bisa kanggo bahan bangunan, industri karét, industri ban, dluwang, kanggo nggawé kapur tulis kang kena kanggo nulis ing papan tulis kang wernané ireng, lan liya-liyané.[2] Indonésia kalebu negara kang lemahé ngandhut kapur kang cacahé akéh lan sumebar ing meh kabéh pulo-pulo ing Indonésia. [2]Ananging akéh-akéhé cadhanagn watu kapur ing negara Indonésia manggon ing Sumatra Barat.[2]
Chatetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.