Foraminifera
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 70 dinten 1124 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Foraminifera Temporal range: 600 Ma Precambrian - Recent |
|
|---|---|
| Live Ammonia tepida (Rotaliida) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| Domain: | Eukaryota |
| krajan: | Rhizaria |
| Superfilum: | Retaria |
| filum: | Foraminifera d'Orbigny, 1826 |
| Orders | |
|
Allogromiida |
|
Foraminifera utawi asring dipunwastani foram inggih menika salah satunggaling organisme sèl setunggal ingkang nggadhahi cangkang kalsit lan asring kawastanan rhizopoda (suku semu).[1] Foraminifera kalebet klompok ageng saking krajan protista kanthi pseudopodia.[2] Foraminifera mèmper kaliyan amoeba, nanging amoeba boten gadhah cangkang kados foraminifera kanggé ngayomi protoplasmanipun.[1] Cangkang utawi kerangka saking foraminifera saged dipundadosaken pitedah kanggé ngupadi sumber daya minyak, gas alam, kaliyan mineral ing salebeting bumi.[2] Cangkang foraminifera ngandhut kalsium karbonat (CaCO3).[3] Menawi foraminifera mati, cangkangipun lajeng mbentuk siti (tanah) globerina.[3] Siti menika ingkang fungsinipun dados pitedah wontenipun sumber minyak.[3] Foraminifera angsal panganan saking kasil fotosintesis alga ingkang nindakaken simbiosis wonten ing sangandhaping cangkang foraminifera.[3] Foraminifera padatanipun gesang wonten ing segara.[3]
Bab lan Paragraf |
Klasifikasi [sunting]
Jinis-jinis foraminifera menika manéka werni. Foraminfera dipunklasifikasikaken miturut wangunipun cangkang kaliyan miturut caranipun gesang.[1]
Miturut wangun cangkang [sunting]
Miturut wangun cangkangipun, foraminifera dipunpérang dados 3, inggih menika:
- Arenaceous (Foraminifera ingkang cangkangipun pasiran).[1] Padatan dipuntemokaken ing dhaérah ekstrim, kadosta banyu payau utawi segara bagéyan jero.[1] Dipunwastani pasiran amarga wangunipun permukaan cangkang ketingal kasar kados kepyuran gendhis pasir.[1]
- Porcelaneous (Foraminifera ingkang cangkangipun gampingan tanpa pori).[1] Padatanipun gesang kanthi cara solitèr, inggih menika mblusukaken cangkangipun ing salebeting sedimèn, kejawi tutugipun (aperture) ingkang methungul ing permukaan sedimèn.[1]
- Hyalin (Foraminifera ingkang cangkangipun gampingan wonten porinipun).[1] Foraminifera jinis menika nggadhahi variasi wangun cangkang ingkang kathah sanget, kadosta lampu kristal kanthi ornamen ingkang njlimet, bening, kaliyan kinclong.[1]
Miturut caranipun gesang [sunting]
Miturut caranipun gesang, foraminifera dipunpérang dados 2, inggih menika:
- Feraminifera plantonik, gesang ing dhaérah banyu kaliyan kasebar ing segara-segara tarbuka kanthi jeronipun banyu langkung saking 10 mèter.[1]
- Feraminifera bentik, gesang ing lapisan sedimèn ngantos jeonipun puluhan sèntimèter.[1]