Coklat
Coklat iku bahan panganan sing diolah saka wit Theobroma cacao (Kakao). Wit Kakao minangka pengasil coklat wis thukul ing dhaérah Amazon lan ing Lembah Orinoko ing Amerika Selatan wiwit ewonan taun kang kapungkur. [1]
Bab lan Paragraf |
Sejarah [sunting]
Bangsa Maya yaiku bangsa kang pisanan ngolah wit coklat.[1] Kagiyatan iki kagawa nalika Bangsa Maya pindah ing dhataran Yukatan.[1]Bangsa Aztek banjur ngenalaké coklat kang pait kanggo ombénan.[1] Wiji coklat kang dicampur karo jagung utawa anggur kang wis difermentasi banjur diombé nganggo cangkir saka emas. [1]Kaisar Aztek kang jenengé Montezuma biyasané ngombé coklat nganti luwih 50 cangkir coklat saben dina.[1]
Penjajah kang asalé saka Spanyol jenengé Hernán Cortés (1485-1547) nalika njajah wilayah iku luwih seneng marang cangkir emas tinimbang isiné kang arupa coklat kanggo ombenanOmbenan.[1] Ananging dhéwéké ngematna yèn kanggoné AztecAztec, kakao utawa wiji coklat uga digunakaké kaya dhuwit.[1] Mulané dhéwéké ngedegna kebon-kebon coklat.[1] Kebon-kebon coklat kang diarani emas awerna coklat iki ngrembaka lan akéh kang nduwéni minat, saéngga Spanyol bisa ngendalikaké dedagangan coklat ing abad 18.[1] Coklat banjur dikenalké ing dharatan Eropa lan dadi bahan campuran roti.[1]
Ing pertengahan abad 19, Swiss wiwit ngembangaké lan masaraké coklat dadi panganan utawa snack.[1] Saéngga coklat kang nalika semana mung ombenan banjur bisa diolah dadi panganan kang nyair ing ilat.[1] Swiss uga dadi moncér merga dadi nagara kang ngasilaké coklat kanthi kualitas paling apik.[1]
Para pengusaha kang cerdas kayata Hershey, Kohler, Lindt, Nestlé, Peter, Suchard, lan Tobler, jeneng-jeneng mau dadi merk coklat kang nduwéni jeneng ing jaman saiki. Jeneng-jeneng mau nduwéni kontribusi kang gedhé ing industri coklat.[1] Dhéwéké nemokaké mesin kang kena kanggo ngolah coklat, mesin mau luwih éfisien.[1] Saliyané iku tokoh-tokoh mau uga nemokaké metodé kang luwih apik kanggo ngolah coklat.[1]
Simbol Cinta [sunting]
Coklat biyasané diwénéhaké kanggo wong sing ditresnani.[1] Amarga coklat uga dianggep panganan cinta.[1] Coklat nduwéni tekstur kang lembut lan bakal nyair sithik baka sithik nalika diemut nganggo ilat.[1] Iki menehi kesan sensual kanggo wong kang mangan coklat.[1] Saliyané iku coklat bisa nggawé éfék nyaman, riléks lan bisa ningkataké gairah seksual.[1]
Rasa nyaman kang dirasakaké sawisé mangan coklat ora mung ing ati waé. Nanging coklat uga ngandhut atusan zat kang bisa ndadékaké reaksi kimia ing otak.[1] Zat-zat iki bisa ngrangsang aktifé serotonin ing otak kang bisa nggawé pangrasa aman.[1] Saliyané iku zat kang paling akéh kang ana ing coklat yaiku theobromine kang bisa nggawé stimulasi jaringan saraf lan jantung kang bisa njaga lan nggawé semangat.[1] Èfék iki uga bisa digawé kaféin ing kopi utawa tèh.[1] Theobromine uga bisa dadi tamba watuk.[1]
Coklat uga ngandhut phenylethylamine kang fungsiné mbantu otak nganggo nyerep zat-zat kang diperlokaké lan ngasilaké dopamine kang bisa nggawé seneng, ningkataké rasa wigati tumprap lawan jinis lan bisa nyebabaké rasa tresna.[1] Mulané coklat kerep kanggo hadiah kang mratandakaké katresnan utawa cinta.[1]
Khasiat [sunting]
Coklat ngandhut kakao utawa wiji coklat luwih saka 70 %. Khasiate iso kanggo kasarasan. Iku kabukti amarga ing njero coklat ngandhut zat kang akéh antioksidan, kayata fenol lan flavonoid. [2] Kanthi antioksidan coklat bisa nangkal radikal bebas ing awak. [2] Coklat ngandhut antioksidan kang cacahe kaping teluné yèn dibandingaké karo tèh ijo. [2] Kamangka tèh ijo iki uga diarani ombénan kang dadi sumber antioksidan. [2]
Kanthi antioksidan iki, coklat kalebu salah sijiné ombénan kang migunani tumprap kasarasan. [2]Fenol uga dadi antioksidan kang bisa ngurangi kolésterol ing getih saéngga bisa ngurangi resiko penyakit jantung lan uga migunani kang nyegah kanker ing awak, nyegah stroke lan darah tinggi utawa kena diarani hiperténsi. [2]Saliyané iku, coklat uga ngandhut lemak kang kualitasé apik saéngga bebas kolésterol lan ora nyumpeli pembuluh darah. [2]
Coklat uga ngandhut vitamin kang migunani banget kanggo awak. [2] Vitamin iku kayata vitamin A, vitamin B1, vitamin C, vitamin D, lan vitamin E. [2] Saliyané iku, coklat uga ngandhut zat lan nutrisi kang penting kanggo awak kayata zat besi, kalium lan kalsium. [2] Kakao iku kalebu sumber magnesium alami kang paling akéh. [2] Yèn wong kakurangan magnesium bisa nyebabaké hiperténsi, penyakit jantung, diabétes, lara sendi lan masalah bulanan kanggoné wong wédok yaiku pra ménstruasi (PMS). [2] Kanthi mangan coklat bisa nambah magnésium lan gizi harian kang nyebabaké kadar progéstéron saya mundhak tumprapé wong wédok. Iki bisa ngurangi èfék negatif saka PMS. [2]
Coklat uga nduwéni khasiat kanggo kecantikan. [3]Coklat ngandhut antioksidan lan katekin kang bisa nyegah penuaan dini, mulané ora éram yèn saiki digawé lulur coklat kang apik lan nduwéni khasiat kanggo ngalusaké kulit.[2] Coklat nduwéni khasiat kanggo kardiovaskular awit coklat nduwéni asam olet lan asam linoleat kanggo antioksidan.[4]
Asil olahan [sunting]
Coklat bisa digawé ombénan. Coklat panas nduwéni khasiat kanggo kaséhatan.[5] Coklat uga kena diombé karo kopi, karo susu.[6] Coklat uga bisa kanggo bahan campuran nggawé bolu, digawe sele, puding, permen coklat, lan akéh merek ombénan instan kang uga nggunakaké coklat.[6]
Galeri [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac (id)kumpulan.info(dipunundhuh tanggal 23 Mei 2011)
- ^ a b c d e f g h i j k l m n (id)harianjoglosemar.com(dipunundhuh tanggal 23 Mei 2011)
- ^ (id)faktailmiah.com(dipunundhuh tanggal 23 Mei 2011)
- ^ (id)lintasberita.com(dipunundhuh tanggal 23 Mei 2011)
- ^ (id)medanpunya.com(dipunundhuh tanggal 23 Mei 2011)
- ^ a b (id)intiberita.com(dipunundhuh tanggal 23 Mei 2011)