Dina

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Dina (ngoko) utawi dinten (krama) punika unit wekdal. Dangunipun inggih 24 jam utawi 1.440 menit utawi 86.400 dhetik.

Ing Jawi, wonten maneka warna dinten. Menawi ningali ing prasasti jaman kina, wonten tigang (3) jinisipun dinten.

Bab lan Paragraf

[sunting] Saptawara

Saptawara punika kados dinten kang limrah dipun angge sapunika, inggih punika wonten pitung (7-sapta) dinten:

[sunting] Pancawara

Pancawara punika ugi asring dipun wastani pasaran utawi peken kanthi petungan gangsal (5) dinten. Ing salebeting sistem pananggalan Jawi lan Bali, wonten kalih jinis siklus wekdal: siklus minggon lan siklus pasaran. Ing salebeting siklus minggon, setunggal minggu dipunpérang dados pitung dinten, kadosdéné ingkang dipuntepangi sadinten-dinten inggih punika dinten Senèn, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah, Setu, lan Ngaat utawi Minggu. Ing salebeting siklus pasaran, setunggal pasar utawi peken dumados saking gangsal dinten pasaran inggih punika: PahingPonWagéKliwonLegi1/umanis2.

Miturut kalèndher Jawi, saben dinten lan tanggal ing sistem kalèndher Masèhi tansah nggadhahi kalih werni nami dinten. Contonipun: tanggal 1 Januari 2001 punika dinten Senèn - Pahing, salajengipun tanggal 2 Januari 2001 dinten Selasa - Pon, lanjeng dipunterasaken dinten Rebo - Wagé, dipunsusul dinten Kemis - Kliwon, Jemuwah - Legi, Setu - Pahing, Ngaat - Pon, Senèn - Wagé, Selasa - Kliwon, lan saklajengipun. Kombinasi kalih jinis dinten puniki ngantos sapriki taksih dipunanggé ing panerbitan tanggalan utawi surat kabar abasa Jawi, kados koran Kedaulatan Rakyat ingkang kababar ing kitha Yogyakarta.

[sunting] Sadwara

Sadwara punika ngangge petungan enem dinten. Para ahli arkeologi nduga bilih sadwara punika asli saking jawi. Sapunika, petangan punika mboten diangge malih ing jawi. Ing Bali, petungan dinten punika taksih dipun angge.

[sunting] Mangga mirsani

[sunting] Pranala jawi

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Dina&oldid=671475"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès