Setu
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Setu (pocapan Basa Indonesia: Sabtu), kuwi dina kapitu jroning kalèndher Jawa, sawisé Jemuwah lan sadurungé Ngaat. Jeneng Setu asalé saka basa Ibrani, sabbat (שבת) kang tegesé "dhèwèké mandheg".
Jeneng liya kanggo Setu yakuwi Saniscara, kang dijupuk saka basa Sangskreta kang tegesé Saturnus, mèmper karo pangertèn jroning sawetara basa-basa ing Eropah.
Saliyané kuwi uga ana jeneng liya manèh kang asalé saka basa Jawa yaiku tumpek. Ing Bali tumpek kuwi tegesé dina Setu kliwon.
Dina Setu minangka dina libur, lan dina kanggo ibadah kanggoné umat Yahudi.
Delengen uga [sunting]
Pranala njaba [sunting]
|
|||||
|
|||||
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pirsani galeri bab Setu ing Wikimedia Commons.