Neptu
Neptu utawa neton, kuwi angka lan kombinasi angka ing kalèndher Jawa kang dijupuk saka dina, pasaran, wulan lan taun Jawa, kanggo ngitung wektu kang apik kanggo miwiti kagiatan kang wigati. Miturut pétungan primbon Jawa, ana dina-dina kang apik kanggo ngayahi kagiatan, nanging ana uga dina kang kurang apik kang sabisa-bisa diéndhani. Nanging pétungan kuwi mau mung minangka paugeran baé supaya ngati-ati, sebab apa kang bakal kadadéyan kuwi saka kersané Pangéran kang Maha Kuwasa. Minangka conto, tanggal 1 Januari 2001 (wiwitan abad kaping-21 lan wiwitan alaf kaping-3) kuwi pas tiba dina Senin-Pahing, bobote 13, amarga Senin = 4 + Paing = 9. Angka neton iki bisa dianggo nemtokaké dina sing apik kanggo ijab kabul utawa kagiatan sing wigati liyané.
Bab lan Paragraf |
Cacahing neptu [sunting]
Dina lan pasaran [sunting]
Saben dina lan pasaran ing kalèndher Jawa kuwi nduwèni neptu kang béda-béda. Jroning budaya Jawa neptu dina lan pasaran kuwi dibutuhaké banget kanggo ngayahi pétungan wektu lan golèk dina kang becik kanggo miwiti sawijining kagiatan kang wigati. Cara-cara ngitung dina lan pasaran ing kalèndher Jawa kuwi diarani wariga gemet. Kanggo cethané, cacahing neptu dina lan pasaran bisa dipirsani tabel ing ngisor iki:
| Tabel Neptu dina lan pasaran | |||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Dina | Neptu | Pasaran | Neptu | ||||
| Ngaat / Minggu | 5 | Kliwon | 8 | ||||
| Senèn | 4 | Legi | 5 | ||||
| Selasa | 3 | Paing | 9 | ||||
| Rebo | 7 | Pon | 7 | ||||
| Kemis | 8 | Wage | 4 | ||||
| Jemuwah | 6 | ||||||
| Setu | 9 | ||||||
Wulan [sunting]
Kayadéné dina lan pasaran, wulan utawa sasi ing kalèndher Jawa uga duwé neptu dhéwé-dhéwé.[1]
- Sura - 1
- Sapar - 3
- Rabiul Awal - 4
- Rabiul Akhir - 6
- Jumadil Awal - 7
- Jumadil Akhir - 2
- Rejeb - 3
- Ruwah - 5
- Pasa - 6
- Sawal - 1
- Dulkaidah - 2
- Besar - 4
Taun [sunting]
- Alip - 1
- Éhé - 5
- Jimawal - 3
- Jé - 7
- Dal - 4
- Bé - 2
- Wawu - 6
- Jimakir - 3
Delengen uga [sunting]
Referensi [sunting]
Pranala njaba [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.