Bolu
Bolu ambal warsa |
|
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Inggris |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | Glepung |
Bolu utawa kuwé bolu (basa Inggris: cake) yaiku kuwé sing bahan dasarè glepung (umumè glepung terigu), gula, lan ndog[1]. Kuwè bolu lan cake umumè dimatangakè kanthi cara dipanggang ing oven, senajan uga ana bolu sing dikukus, contone bolu kukus utawa brownies kukus[1]. Cake sing direngga karo lapisan (icing) saka krim mentega (buttercream), fondant, utawa marzipan kuwi jenengè kuwe tart (kuwe tarcis)[1]. Cake sing dihias(kuwé tart) utawa ora ana hiasan digunakakè kanggo makanan penutup utawa suguhan istimewa resepsi nikahan utawa pesta ulang taun[2]. Ana ing resepsi nikahan ala Barat lan pesta ulang taun, upacara pengirisan kuwe tart didadekakè salah sawijining acara[2]. Ing Indonesia, nasi tumpeng asring nggantekakè peranè cake dadi pakanan istimewa ana ing upacara-upacara pengetan[2]. Cake sing ukuranè gedhè, bentukè segi papat utawa bunder banjur diiris-iris nalika arep didol utawa disajekakè disebut kuwé bolu utawa bolu gulung[3]. Maneka warna puding uga nggunakakè bahan dasar irisan bolu sing didokokakè ing dasar loyang sakdurungnè disiram karo agar-agar[4].
Bab lan Paragraf |
Teknik Nggawe [sunting]
Alat pengocok kuwé (mixer) digunakakè kanggo ngocok ndog utawa mentega karo gula nganti ngembang. Penambahan lemak nabati utawa hewani ing bentuk mentega, margarin, santen, utawa shortening ing adonan nggawe tekstur kuwé dadi luwih lembut[5]. Bahan kimia pengembang (soda kue, baking powder), penstabil (krim tartar), lan pengemulsi (ovalet)asring ditambahakè ing jero adonan supaya asile luwih apik[5].
Jinis [sunting]
Didelok saka teknik nggawene, bolu (cake) digolongakè dadi rong kelompok.
- Butter cake utawa shortened (cream cake)
- Nggawè kuwe dimulai saka ngocok mentega (margarin) lan gula dadi adonan sing bentukè krim. Cake jenis iki merlokakè bahan pengembang kang arupa baking powder utawa soda kuwè[6]. Salah sawijining tuladhané butter cake paling sederhana yaiku pound cake sing digawe saka mentega, gula pasir, lan glepung terigu sing takeranè 1 pon kabeh. Resep pound cake jaman biyen durung nggunakakè bahan pengembang, lan mung ngandalakè mentega sing dikocok nganti lembut[6].
- Sponge cake (foam cake)
- Proses nggawène dimulai saka ngocok ndog lan gula nganti dadi busa sing alus lan kenthel[7]. Mentega (margarin) cair utawa lenga klentik biyasanè uga ditambahakè sakwise adonan dicampur karo glepung[7].
- Didelok saka teknik ngocokè ndog, sponge cake diperang dadi loro, yaiku:
- Tekstur kuwe dadi lembut banget, tuladhané chiffon cake utawa angel food cake[7].
- Kuning lan putih endhog diudhek bareng (Genoise)[7].
- Akeh resep bolu lan cake nggunakakè kuning lan putih ndog sing dikocok bareng[7].
Dhaptar kuwe bolu lan cake [sunting]
- Klappertaart
- Lapis Surabaya
- Cupcake (cake dalam mangkuk kertas kecil)
- Madeleine
- Tiramisu cake
- Black forest
- Marmer cake
- Durian cake
- Chiffon cake
- Angel food cake
- Carrot cake
- Cassava cake
Dhaptar pustaka [sunting]
- Braker, Flo. The Simple Art of Perfect Baking, Chronicle Books, 2003. ISBN 0-8118-4109-X.
Pranala Njaba [sunting]
- (id) Berbagai variasi dekorasi cake
- (en) Sejarah dan berbagai teknik pembuatan kue bolu
- (en) Berbagai resep cake
- (en) Teknik dasar menghias kue Situs web Wilton
- (en) Teknik menghias kue
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c (id)resepsedap.com
- ^ a b c (id)info.kue-ulang-tahun.com
- ^ (id)www.untukku.com
- ^ (id)www.anekapuding.com
- ^ a b (id)islam-download.net
- ^ a b www.malaysiabest.net
- ^ a b c d e f (id)book.store.co.id