Margarin

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Margarin

Margarin (play /ˈmɑrərɪn/, /ˈmɑrɡərɪn/, /ˈmɑrrɪn/, or /ˈmɑrərn/) inggih menika mentéga damelan. Margarin kadamel saking lisah wit-witan (lisah nabati).[1] Margarin kathah dipunginakaken sasampunipun Perang Donya II, amargi langkung mirah tinimbang mentega.[1] Sanèsipun menika margarin pinitados séhat tumrap kasarasanipun jantung.[1] Margarin ugi nggadhahi sakedhik lemak jenuh lan boten wonten kolesterol tumunten dados pilihan ingkang saé.[1] Margarin menika kalebet produk penggantosipun mertéga, amargi mertéga gampil risak (utawi bosok).[1] Margarin nggadhahi kandhungan omega 3 ingkang saé kanggé kasarasan.[1] Margarin dipundamel saking lisah kedhele lan canola.[1] Wonten sawetawis ahli ingkang ngakeni bilih kalih jinis lisah menika sae kanggé kasarasan.[1] Margarin ugi nggadhahi dat omega 6 ingkang sae kangge badan manungsa.[1] Margarin piyambak dipundamel saking lemak nabati utawi wit-witan lan nggadhahi toya lan sarem.[1] Saenipun nalika ngginakaken margarin boten sisah dipunparingi sarem malih.[1]

Margarin kathah dipunsadé ing wungkusan mangkuk lan wungkusan plastik wonten ing pirang-pirang ukuran.[2] Boten benten kaliyan mentega, margarin gampil sanget lembek nalika dipunkocok.[2] Bentenipun, mentega kalebet lemak ingkang nggadhahi raos gurih lan aroma wangi, dipundamel saking lemak susu sapi lan awarni kuning pucet.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k (id)Mentega atau Margarin dipunundhuh tanggal 16 Agustus 2011)
  2. a b c (id)Bedanya Margarin Mentega dipunundhuh tanggal 16 Agustus 2011)


[sunting] Pranala Njawi

(id)Mentega atau Margarin

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Margarin&oldid=664488"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès