Roti
Roti iku panganan kang digawé saka glepung trigu, banyu lan ragi.[1]Babonané adonan diuléni lan dinengké supaya bisa ngembang.[1] Yèn wis ngembang roti kang isih awujud adonan banjur dibakar ing oven.[1]
Wong Jawa jaman saiki wis padha séneng roti. [1] Yèn jaman biyèn wong Walandi kang nggawa roti ingTanah Jawa.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Roti Tawar
Roti tawar yaiku roti kang rasané tawar utawa netral.[1] Roti tawar akéh jinisé.[1] Méh saben toko roti dodol roti tawar.[1] Roti iki biyasané kanggo sarapan lan diwénéhi sele utawa keju, susu lan coklat. [1]Roti tawar uga kena dipangan nganggo ''margarin'' utawa mentéga.[1] Saliyané dipangan langsung, roti tawar uga kena dipanggang utawa dibakar. [1]Roti tawar uga kena dadi bahan baku jajanan kayata, resoles roti.[1]
[sunting] French bread/baguette
Roti iki uga diarani roti tongkat amarga bentuké lonjong dowa mirip tongkat. [1]Roti tongkat biyasané digawé ''garlic bread'' utawa ''bruschetta'' utawa langsung dipangan nganggo sup.[1]
[sunting] Plan au levain
Roti iki kalebu jinis roti Perancis. Bentuke bunder lan kulité atos. [1]Digawé saka adonan asam. [1]Biyasané dihidangké kanggo makanan pambuka. [1]Roti iki dipangan nganggo mentega utawa dipangan nganggo sup.[1]
[sunting] Frankenbrot
Roti kang asalé Jerman iki bentuke dawa kaya roti tongkat utawa baguette, nanging ora dhuwur.[1] Roti iki digawé saka glepung rye.[1]
[sunting] Health whole wheat
Roti kang digawé saka glepung gandum iki nduwéni werna coklat. [1]Roti iki nduwéni tekstur kang ngetokaké kulit-kulit gandum.[1] Roti Healt whole wheat kalebu roti kang nyéhataké awét nduwéni serat kang dhuwur.[1]
[sunting] White bread
Roti iki yaiku roti tawar kaya kang biyasané didol ing toko-toko, nanging isih arupa bentuk kang gedhé durung dikethok-kethok utawa diiris-iris.[1]
[sunting] Toast bread
Roti tawar kang akéh didol ing toko-toko.[1] Roti iki wis diiris-iris lan akeh didol ing supermarket.[1] Roti iki bisa dipangan langsung lan bisa uga dipanggang.[1]
[sunting] Roti sehat/roti gandum
Roti jinis iki pada kaya whole wheat bread, nanging wis diiris-iris.[1] Diarani roti sehat amarga digawé saka glepung gandum.[1] Rasané rada kasar amarga seraté dhuwur.[1]
[sunting] Roti Gandum
Roti gandum uga kalebu roti kang akeh sing golék.[2] Roti gandum bisa ningkataké kaséhatan. [2]Saliyané iku roti gandum nduwéni serat luwih akéh tinimbang roti putih biyasa. [2]Mangan roti gandum bisa gawé wareg nganti suwé.[2]
Roti gandum digawé saka gandum yaiku kang diarani whole wheat flour utawa whole wheat coarse tegesé glepung gandum wutuh kang nalika digiling mung dibuwang kulit kang njabané.[2]
Ing pasaran ora kabéh roti gandum padha. [2]Ana kang nganggo whole wheat flour namung sithik lan diwénéhi werna karamél supaya katon mirip roti gandum asli.[2] Roti gandum kang kualitasé apik nduwéni ciri-ciri.[2]
- Pori ''remah'' kang wernané peteng lan nduwéni butiran-butiran coklat kang asalé saka kulit ari gandum.[2]
- Kulit roti (crust) luwih peteng lan luwih kasar. [2]Roti kang biyasa kulité kuning emas lan rata.[2]
- Ana tulisan 100% whole wheat flour ing bungkusé.[2]
Roti gandum luwih séhat amarga ngandhut serat kang luwih akeh tinimbang roti putih. [2]Serat pangan apik kanggo saluran pencernaan, ngurangi resiko diabétes, lan kanker kolon.[2]
Padha kaya roti putih, roti gandum bisa awet nganti 3-5 dina ing suhu ruang.[2] Supaya luwih awét roti gandum bisa disimpen ing kulkas.[2] Yèn kepéngin dipangan cukup diangetké ing microwave supaya empuk manéh.[2]
[sunting] Energi ngluwihi Sega
Roti gandum kalebu sumber enegi kang luwih apik tinimbang séga lan mie.[2] Yèn 100 gram sega ngandhut énérgi kang akéhé 178 kalori lan 100 gram mi ngandhut énérgi 86 kkal, nanging roti gandum kang cacahé 100 gram bisa ngandhut énérgi kang cacahé 248 kalori.[2] Saliyané ngandhut énérgi kang akéh, serat kang ana ing roti gandum uga luwih apik saéngga bisa nahan ngeléh luwih suwé. [2] Roti gandum lan roti putih padha-padha roti kang digawé saka gandum nanging roti putih digawé saka trigu yen roti gandum digawé saka tepung gandum.[2]
Trigu yaiku asil panggilingan wiji gandum kang palig jero utawa endosperm, yèn glepung gandum yaiku asil panggilingan wiji gandum wutuh kang mung dibuwang kulit njabané, saéngga ngandhut serat kang luwih akéh tinimbang glepung trigu putih.[2]
Roti gandum kang asli yaiku roti kang kagawé saka 100 persén glepung gandum.[2] Roti gandum kang kualitasé apik bisa dititik saka ''remah'' kang wernané peteng lan ana butiran-butiran coklat asil saka kulit ari wiji gandum.[2] Roti gandum asli uga bisa dititéni saka kulit roti utawacrust kang luwih peteng, yèn roti putih wernané kuning rada mas.[2]
Roti gandum ngandhut serta kang akéhé tikel enem saka roti putih.[2] Saliyané iku, roti gandum uga nduwé ngandhut karbohidrat lan énérgi kang luwih sithik katimbang roti putih.[2] Iki kang marakaké roti gandum bisa njaga berat badan kang idéal.[3]
[sunting] Roti Buaya
Roti buaya utawa roti baya yaiku roti kanggo seserahan ing upacara ngantén adat Betawi.[4] Roti baya iki dawané kurang luwih 50 cm. [4]Roti iki digawa ngantén lanang kanggo seserahan.[4] Roti iki nggambaraké kasetyan pasangan ing pernikahan lan supaya bisa urip lan mati bareng tégesé tansah nyawiji.[4]
Asal mulané roti baya iki yaiku masyarakat Betawi terinspirasi kéwan baya kang mung kawin sepisan semur-umur.[4] Masyarakat Betawi percaya mitos iki turun temurun.[4]
Miturut masyarakat Betawi roti nglambangaké ékonomi kang mapan. [4]Tégesé saliyané nduwéni kasektén, pasangan uga tansah mapan uripé, mulya lan suksés.[4]
[sunting] Roti Daging
Roti daging yaiku roti kang isiné olahan daging.[5] Daging kang dianggo isi bisa daging ayam, sapi, lan kebo. [5] Ana uga kang diarani roti daging asap[5]
[sunting] Galeri Roti
[sunting] Chatetan suku
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad (id)Kompas.com(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa (id)Femina Online(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
- ↑ (id)Kompas - Roti Gandum(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
- ↑ a b c d e f g h (id)Kompas Megapolitan(dipunundhuh tanggal 2 Mei 2011)
- ↑ a b c (id)Tabloid Nova(dipunundhuh tanggal 2 Mei 2011)