Kulkas
Kulkas yaiku piranti arupa sakinis lemari panggonan nyimpen panganan utawa ombènan supaya adhem lan ora cepet bosok. [1]
Sajarah Kulkas [sunting]
Proses tinemuné kulkas wis diwiwiti nalika abad ke-18.[2]Ing taun 1748, William Cullen saka University of Glasgow ngembangake proses kanggo nyiptakaké piranti kanggo ngawétaké panganan.[2]Sawijining penemu Amerika, Oliver Evans gawé desain kulkas ing taun 1804 nanging nganti taun 1834 ora ana wong kangmikat babar pisan. Banjur Jacob Perkins mujudake desain Oliver ing taun 1834.[2]Ing taun 1844, sawijining dokter kanthi aran John Gorrie uga gawe unit ès kang digunakake kanngo nyiptakake ruwangan atis kanggo pasiene kang lara Kuning. [2]Ing taun 1876, Carl von Linden nemokake metode kanggo ningkatake proses pencairan gas lan najur dipatenake. [2]Penemuan Carl bisa mbantu anggonegawe kulkas kang luwih praktis. [2]Ing wektu iku amonia, sulfur dioksida, lan klorida metil digunake kanggo pendinginan nanging komposisi iki wis kabuktèn ora aman lan nyebabaké akèh kacilakan.[2] Sawise freon digunakaké minangka piranti pendingin sacara gedhen nganti tinemu bukti menawa panggunaané ora apik ing lingkungan lan uga nyebabake lapisan ozon dadi tipis.[2]Freon utawa CFC banjur diganti HFC minangka piranti pendingin kang luwih apik kanggo lingkungan. [2]