Persèn
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Persèn utawa Persèntase iku sawijining cara kanggo nyatakaké fraksi saka satus. Persèntase kerep dituduhaké kanthi simbul "%". Persèntase uga dipigunakaké senadyan dudu unsur atusan. Angka iku banjur diskala supaya bisa dibandhingaké karo satus. Contoné, 4 dosèn lagi ngawasi ujian ing kampus, 3 saka para dosèn mau ora nganggo kacamata, lan 1 nganggo kacamata. Persèntase dosèn ora nganggo kacamata yaiku 3 saka 4 = 3/4 = 75/100 = 75%, sauntara kuwi dosèn nganggo kacamata ana 1 saka 4 = 1/4 = 25/100.
Panggunaan [sunting]
Persèntase migunani banget amarga wong bisa mbandhingaké bab sing ora padha angkané. Minangka conto, biji (nilai) ujian kerep migunakaké persèntase, saéngga wong bisa mbandhingaké biji kasebut senadyan gunggung pitakonané béda.