Kacamata
Kacamata yaiku lensa tipis kang gunané kanggo normalaké mripat supaya bisa ngingeti kanthi cetha.[1] Kacamata ana rangkané.[1] Rangka gunané panggonan kanggo nempléké lensa.[1] Rangka kacamata diarani frame.[1] Saliyané dadi alat kanggo mbiyantu pandelengan, kacamata uga dadi alat kanggo gaya utawa modhél gaya.[1] Kacamata uga kena kanggo nikmati hiburan.[1] Kacamata kang kanggo nikmati hiburan iki kayata kacamata tiga dhimensi kanggo ndeleng film tiga dimensi.[1]
Sajarah [sunting]
Kacamata wis ana wiwit jaman Néro, dhéwéké iku kaisar Roma.[2] Nero nguwasai pamaréntahan taun 54 nganti 68 Masehi.[2] Néro nggunakaké watu permata cekung kanggo maca lan ndeleng pertunjukkan, sanajan ora ana sing ngerti Nero nduwéni masalah karo mripaté.[2]
Bangsa Cina kang sepisanan nggunakaké kacamata kaya sing dianggo saiki.[2] Biyasané kacamata iku digawé saka lensa kang bentuké oval kang amba.[2] Kacamata uga ana kang digawé saka kristal watu lan rangka saka tempurung kura-kura.[2]Supaya bisa nyekel kaca utawa lensané, bangsa Cina nggunakaké kawat kang diwénéhi pemberat lan dicantolaké ing kuping lan lensan ditaléni ing topi utawa dicantolaké ing pelipis.[2] Bangsa Cina wektu iku nggunakaké kacamata mung kanggo jimat supaya bisa nduweni berkah utawa rejeki. [2]Saliyané iki kacamata uga dianggo supaya katon luwih nduwéni wibawa.[2] Nalika semana bangsa Cina kadang-kandang mung nggunakake rangka kacamata kang ora ana lensané.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.