Roma
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
- "Roma" bisa uga ngarujuk menyang Surat Paulus marang Jemaat ing Roma, salah sawijining kitab ana ing Alkitab.
Roma (basa Italia lan Latin: Roma) yakuwi ibu kutha Italia, ibu kutha Provinsi Roma lan uga ibu kutha daerah Lazio. Kutha iki dumunung ing sungapané Kali Tiber, cedhak Laut Tengah, ing 41°54' LU 12°29' BT. Vatikan, sawijining daerah kantong (enklave) berdaulat ing wilayah Roma, minangka pusat Gereja Katulik Roma kang dipimpin déning Sri Paus.
Minangka kutha kang paling gedhé ing Italia, Roma nduwèni pedunung cacahé 2.823.807 jiwa (2004) ditambah watara 4 yuta ing daerah metropolitan. Wali kutha Roma wektu iki yakuwi Walter Veltroni.
Sajarah kutha iki dawa banget, amèh ana 2.800 taun. Selawasé kuwi, kutha iki naté dadi pusat Karajan Romawi, Republik Romawi, Kakaisaran Romawi, lan saterusé dadi negara Kepausan, Kerajaan Italia, lan saiki Republik Italia.
[sunting] Pranala Jaba
- Roman Bookshelf - Views of Rome in the 18§ and 19° century, recipes, traditions, photos
- (it) Situs resmi
- (en) ItalyGuides.it: Virtual Rome
- Rome Travel Guide Guide about Rome with touristic informations (it/en/fr/de)
| Artikel perkawis geografi punika taksih arupi seratan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |
| Eropah | Italia | Latium (Lazio) | |
| Frosinone | Latina | Rieti | Roma | Viterbo | |
| Regione (wilayah) Italia | |
|---|---|
| Regione biasa | |
| Abruzzo | Basilicata | Calabria | Campania | Emilia-Romagna | Lazio (Latium) | Liguria | Lombardia | Marche | Molise | Piemonte | Puglia (Apulia) | Toscana | Umbria | Veneto | | |
| Regione kanthi status otonomi spesial | |
| Friuli-Venezia Giulia | Sardinia | Sisilia | Trentino-Alto Adige | Valle d'Aosta | |