Spanyol
|
Reino de España
|
||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
|
|
||||||
| Motto: Plus Ultra (Latin: "Manèh mangarep") |
||||||
| Lagu kabangsan: Marcha Real | ||||||
| Ibu kutha and largest city |
Madrid | |||||
| Basa resmi | Spanyol1 | |||||
| Government | Monarki parlementer | |||||
| Persatuan | ||||||
| - | Banyu (%) | 1,04% | ||||
| Population | ||||||
| - | 2005 estimate | 43.209.511 (27) | ||||
| - | 2001 census | 40.847.371 | ||||
| PDB (KKB) | 2005 estimate | |||||
| - | Total | US$1.026.340 yuta (14) | ||||
| - | Per capita | US$24.803 (29) | ||||
| Valuta | Euro (€)2 (EUR) |
|||||
| Zona wektu | CET3 (UTC+1) | |||||
| - | Summer (DST) | CEST (UTC+2) | ||||
| Kodhe tilpun | 34 | |||||
| Internet TLD | .es | |||||
Karajan Spanyol (basa Spanyol lan Galisia: Reino de España, Katalan: Regne d'Espanya, Basque: Espainiako Erresuma) yakuwi negara ing Eropah kidul-kulon, kang bebarengan karo Portugal, dumunung ana ing Semenanjung Iberia. Wates dharat Spanyol karo Eropah yakuwi Pegunungan Pyrenia wewatesan karo Perancis lan Andorra. Wilayahé uga nglingkupi kutha Ceuta lan Melilla ing Afrika Lor, Kepuloan Canary ing Samodra Atlantik, lan sawetara pulo ing Laut Tengah.
Bab lan Paragraf |
Geografi [sunting]
Wilayah Spanyol diwatesi déning Portugal ing sisih kulon, sarta Gibraltar lan Maroko ing sisih kidul. Spanyol wewatesan karo Perancis lan Andorra ing sisih lor-wétan ngliwati Pegunungan Pyrenia. Wates segarané yakuwi Samodra Atlantik ing sisih kulon lan Teluk Biscay ing sisih lor sarta Laut Tengah ing sisih wétan, papan ing ngendi Spanyol nduwèni wilayah Kepuloan Balearik. Ing sisih kidul, ana Selat Gibraltar. Kutha-kutha ing Spanyol kanthi pedunung paling akèh antara liya Madrid, Barcelona, Valencia, Sevilla, lan Málaga.
Lansekap Spanyol didominasi déning dhataran dhuwur lan pegunungan, kayata Pyrenia lan Sierra Nevada. Saka panggonan mau, mili sawetara kali.
Iklim Spanyol kabagi papat bagéyan:
- Mediterania
- Daerah Njero
- Pesisir Lor
- Kepulauan Canary
Pembagéyan administratif [sunting]
Spanyol dibagi 50 provinsi, dikelompokaké jroning 17 wilayah otonomi lan 2 kutha otonom kang nduwèni otonomi kang ombèr.
Wilayah otonomi [sunting]
Spanyol dumadi saka 17 wilayah otonomi (comunidades autónomas) lan loro kutha otonom (ciudades autónomas; Ceuta lan Melilla).
- Andalusia utawa Andalucía)
- Aragon
- Asturias
- Kapuloan Baleares
- País Vasco (utawa Basque Country)
- Kapuloan Canary (Islas Canarias)
- Cantabria
- Castile-La Mancha (Castilla-La Mancha)
- Castile lan Leon
- Katalonia
- Extremadura
- Galicia
- La Rioja
- Madrid
- Murcia
- Navarre
- Valencia
Provinsi [sunting]
Karajan Spanyol uga kapérang dadi 50 provinsi (provincias). Wilayah otonomi ngelompokaké sawetara provinsi (Extremadura, contoné, dumadi saka rong provinsi: Cáceres lan Badajoz). Wilayah otonomi Asturias, Kepulauan Baleares, Cantabria, La Rioja, Navarre, Murcia, lan Madrid, kabèh mau mung dumadi saka sak provinsi. Sacara tradisional, provinsi-provinsi mau kapérang manèh marang wilayah bersejarah (comarcas).
Wilayah kadhaulatan [sunting]
Ana lima enklave (plazas de soberanía) ing pesisir Afrika: kutha Ceuta lan Melilla minangka kutha-kutha otonom, sawijining status ing antarané kutha lan wilayah otonom; kepuloan Islas Chafarinas, Peñón de Alhucemas, lan Peñón de Vélez de la Gomera ana ing ngisoré pamaréntahan pusat ing Spanyol.
Ceuta lan Melilla, senajan dudu wilayah bersejarah' sacara resmi, uga nduwé status istimewa.
Uga pirsani [sunting]
Pranala jaba [sunting]
Pirsani pandhuan wisata Spanyol ing Wikivoyage
- (es) Portal resmi
- (es) Ramalan cuaca
| Wilayah otonomi Spanyol (comunidades autónomas) | |
|---|---|
|
|
|
|
|
|
|---|---|
|
Austria | Belanda | Belgia | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Jerman | Hongaria | Irlandia | Italia | Latvia | Lituania | Luxemburg | Malta | Perancis | Polandia | Portugal | Rumania | Siprus | Slowakia | Slovenia | Spanyol | Swedia | Yunani |
|
|
||||||||
