Basa Basque

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Basque
Euskara
Dianggo ing Flag of Spain Spanyol
Flag of Prancis Prancis
Dhaérah Cithakan:Country data Basque Country Nagari Basque kejawi bagéyan paling kilèn saking Biscay, sapérangan ageng Alava lan Navarre
Cacahing penutur 1,063,700 (basa pisanan: 665,700) taun 2006[1]
Peringkat 247
Rumpun basa Isolat (Pirsani ngandhap)
Status resmi
Basa resmi ing Basque Country Autonomous Community lan Navarre
Diatur déning Euskaltzaindia
Kodhe-kodhe basa
ISO 639-1 eu
ISO 639-2 baq (B)  eus (T)
ISO 639-3 eus
Basque speaking area
Lokasi provinsi Basque ing Spanyol lan Prancis
Basque ing Nagari Spanyol lan Prancis
dhialèk Basque

Basque (wonten ing Basque: Euskara) inggih punika basa ingkang dipuntuturaken déning tiyang Basque ingkang dumunung ing Pyrenea ing Lèr-Tengah Spanyol lan sisihan kaliyan kawasan Lèr-Kilèn Prancis. Langkung mligi, Basque ingkang dumunung wonten ing wilayah otonom Spanyol ingkang dipuntepangi minangka Nagari Basque (Euskadi), ingkang kagungan kapentingan kabudayan lan otonomi pulitik. Tiyang Basque ugi minangka sapérangan ageng pendhudhuk saking wilayah ingkang dipuntepangi minangka Nagari Basque Lèr ing Prancis lan wilayah otonom Navarro ing Spanyol. Nami kanggé basa wonten ing Basque Standar inggih punika euskara; wangun dhialèk sanès inggih punika euskera, eskuara lan üskara. Éwadéné géografinipun dipunklilingi déning basa Indo-Éropah, Basque dipunpitadosi minangka basa ingkang kapinggiraken. Piyambakipun sanès basa Indo-Éropah.[2]

Sajarah lan klasifikasi[sunting | sunting sumber]

Leluhur bangsa Basque inggih punika salah satunggaling pedunung paling sepuh Éropah, lan asal-usulipun taksih dèrèng dipunmangertosi. Mekaten ugi kanthi asal-usul basanipun. Langkung kathah sarjana sami nganggep Basque minangka basa ingkang kaisolasi.

Tulisan-tulisan Latin wonten ing Aquitania nglestantunaken sapérangan tembung ingkang mèmper kaliyan basa proto-Basque, kados wonten ing nami dhiri Nescato (neskato tegesipun "kenya enèm" wonten ing basa Basque modhèrn). Basa ingkang dipunusulaken punika dipunsukani nami "Aquitania" lan dipundugi dipunginakaken sadèrèngipun tiyang-tiyang saking Romawi bekta basa Latin dhumateng wilayah Pyrenea kilèn. Amargi tiyang-tiyang Romawi nilaraken dhaérah lebet punika, basa Basque Aquitania saged kajagi, déné basa Iberia lan Tartessia mati. Basque lajeng mendhet sapérangan tetembungan Latin, ingkang sadèrèngipun lan sasampunipun basa Latin wonten ing dhaérah punika ngrembaka dados basa Gascon (satunggaling pang saking basa Occitan) lan Roman Navarro.[3]

Amargi wates antawising Basque lan dhaérah Gascon langkung kirang saking dhaérah Basque lan Kastilian, umumipun dipundugi bilih bangsa Basque asalipun saking Aquitania lan bilih klompok punika migrasi dhumateng sisih kidul.

Sistem panyeratan[sunting | sunting sumber]

Basa Basque dipunserat kanthi migunakaken abjad Latin. Huruf mligi ingkang universal inggih punika ñ; kadhang kala ç lan ü ugi dipunginakaken. Basa Basque boten migunakaken c, q, v, w, y kejawi kanggé tembung-tembung silihan; huruf-huruf punika boten dipunanggep minangka bagéyan saking abjad Basque.

Aa Bb Dd Ee Ff Gg Hh Ii Jj Kk Ll Mm Nn Ññ Oo Pp Rr Ss Tt Uu Xx Zz

dd, ll, rr, ts, tt, tx, tz boten dipuntindakaken minangka digraf.

Wonten ing ortografi Sabino Arana (1865..1903), ll lan rr kagantosaken kaliyan ĺ lan ŕ.

Unèn- unèn[sunting | sunting sumber]

Unèn-unèn dhasar[sunting | sunting sumber]

  • Bai = inggih
  • Ez = boten
  • Kaixo!, Agur! = Hallo
  • Agur!, Adio! = Sugeng pepanggihan!
  • Ikusi arte = Sugeng pepanggihan malih!
  • Eskerrik asko! = Matur nuwun!
  • Egun on = Sugeng énjing (teges harafiah: Sugeng siyang)
  • Egun on, bai = Wangsulan standar kanggé Egun on
  • Arratsalde on = Sugeng ndalu (Good evening)
  • Gabon = Sugeng ndalu (Good night)
  • Mesedez = Nyuwun tulung (please)
  • Barkatu = Pangapunten
  • Aizu! = Mirengaken! (nyuwun kawigatosan, kirang sopan, namung dipunginakaken kaliyan kanca)[4]

Wilangan[sunting | sunting sumber]

1 bat
2 bi
3 hiru
4 lau
5 bost
6 sei
7 zazpi
8 zortzi
9 bederatzi
10 hamar
11 hamaika
12 hamabi
13 hamahiru
14 hamalau
15 hamabost
16 hamasei
17 hamazazpi
18 hemezortzi
19 hemeretzi
20 hogei
21 hogeita bat
22 hogeita bi
23 hogeita hiru
30 hogeita hamar (20+10)
31 hogeita hamaika (20+11)
40 berrogei (2×20)
50 berrogeita hamar (2×20+10)
60 hirurogeita (3×20)
70 hirurogeita hamar (3×20+10)
80 larogei
90 larogeita hamar
100 ehun
200 berrehun
300 hirurehun
1000 mila
2000 bimila
1.000.000 milioi bat
gunggung _____ _____ zenbaki (sepur, bis, lsp.)
setengah erdi
kirang gutxi
langkung gehiago

Kamus[sunting | sunting sumber]

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]

Tata basa[sunting | sunting sumber]

Kamus[sunting | sunting sumber]

Klasifikasi[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Forth sociolinguistic enquiries in Basque Country or IV. Inkesta Soziolinguistikoa
  2. ^ (en) Lapuran etnolog kanggé Basque
  3. ^ http://www.hermanboel.be/taal-en-basque.htm Concise course of Basque
  4. ^ http://basque.unr.edu/09/9.3/9.3.18t/9.3.18.05.misc1.htm Basque Studies Program Newsletter] · Issue 18, 1978. Miguel Echegaray maringaken sapérangan usulan perékawis kemungkinan gegandhèngan ètimologis antawisipun tembung-tembung Basque lan Inggris
  • HUALDE, José Ignacio & DE URBINA, Jon Ortiz (eds.): A Grammar of Basque. Berlin: Mouton de Gruyter, 2003. ISBN 3-11-017683-1.
  • TRASK, R. Larry: History of Basque. New York/London: Routledge, 1996. ISBN 0-415-13116-2.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Basque&oldid=863608"