Vegetarian

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
tuladha panganan kanggo vegetarian

Vegetarian yaiku istilah kanggo manungsa sing ora mangan utawa anti konsumsi daging, biasané mangané yaiku woh-wohan ; sayuran ; kacang-kacangan ; wit-witan ; lan sapanunggalané. [1] intine ora mangan daging kéwan. [2]. Nanging ana ing sumber liya, ngawenehi kawruh istilah vegetarian iku ora ana gegayutane karo sayuran, komunitas sing seneng woh lan sayur mau ngarani tembung vegetarian ing taun 1847 saka Basa Latin "vegetus" kang tegese yaiku "urip". [3]

Alesan dadi vegetarian [sunting]

Ana alesan-alesan kenapa dadi vegetarian,

  • Kaséhatan. Isa dadi vegetarian amarga wis ngidap penyakit, kayata: darah tinggi, kolesterol, kanker, lan sapanunggalane kang kalebu penyakit njero. Uga ana amarga wedi karo daging kewan sing ora ngerti asal muasale, nguwatirake yen daging mau iseh akeh kandungan kimia sing ora apik kanggo awak.
  • pemanasan global utawa global warming. Ana saperangan pendapat nuduhake yen produksi daging disalah-salahake dadi salah sawijining penyebab global warming, amerga gas metana saka produksi daging.
  • etika lan keadilan. Wis akeh data kang nyebutake kira-kira 20 yuta manungsa mati amarga kurang gizi. Pungkasane manungsa-manungsa kang sadar lan kepingin aksi ngebantu ngentaske kemiskinan lan tumut ngrasakake kelaparan dadi vegetarian.
  • agama lan spiritual. Iki isih ana gegayutane karo kasih sayang marang sakabehing mahluk hidup ciptaan Gusti maha kuasa. [4]


Cathetan suku [sunting]

  1. ^ (en) vegetarian
  2. ^ (id) vegetarian
  3. ^ (en) vegetus <dipunundhuh tanggal 4 juli 2012>
  4. ^ (id) panyebab dadi vegetarian <dipunundhuh tanggal 4 juli 2012>
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Vegetarian&oldid=833761"