Mlinjo

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Wikipedia:Maca kothak taksonomiMaca kothak taksonomi
Mlinjo
Mlinjo
Mlinjo
Klasifikasi èlmiah
Karajan: Plantae
Divisio: Gnetophyta
Kelas: Gnetopsida
Ordo: Gnetales
Familia: Gnetaceae
Genus: Gnetum
Spesies: G. gnemon
Jeneng binomial
Gnetum gnemon
L.

Mlinjo (Gnetum gnemon L.) iku sawijining spesies tetanduran wiji kabukak (Gymnospermae) wangun wit sing asalé saka Asia tropik lan Pasifik Kulon. Mlinjo ditepungi uga kanthi jeneng belinjo, tangkil (basa Sundha) utawa bago (basa Melayu lan basa Tagalog). Mlinjo akèh ditandur ing pekarangan minangka pangayom utawa wewates pekarangan lan utamané dimupangataké "woh" lan godhongé.

Béda karo anggota Gnetum liyané sing biasané arupa liana, mlinjo awangun wit. Arané wit mlinjo iku so, sauntara arané isi mlinjo iku klathak.

Bab lan Paragraf

[sunting] Dhèskripsi botani

Mlinjo arupa tanduran taunan wangun wit sing omahé loro (dioecious, ana indhividu jantan lan betina). Watangé kukoh lan bisa dimupangataké minangka bahan bangunan. Godhongé tunggal wangun oval mawa pucuk tumpul. Mlinjo ora ngasilaké kembang lan woh sejati amarga ora klebu tetanduran ngembang. Sing dianggep minangka woh sabeneré iku wiji sing kawungkus déning salapis aril sing ndaging.


[sunting] Mupangat mlinjo

Mlinjo arang dibudidayakké sacara intènsif. Kayuné bisa dingo minangka bahan papan. Godhongé sing isih enom (dhong so) dipigunakaké minangka bahan janganan (contoné ing sayur asem). "Kembang" (jantan uga betina) lan wijiné sing isih cilik-cilik (pentil) utawa sing wis tuwa/mateng bisa didadèkaké uga minangka janganan. Wiji mlinjo uga dadi bahan baku emping.

Akir-akir iki, èlmuwan Jepang nemokaké yèn jebulé wiji mlinjo dudu sing njalari penyakit `asam urat` kaya diwedèni déning masarakat.

[sunting] Galeri

[sunting] Pranala njaba

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Mlinjo"