Liana

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Alas kebak liana ing India

Liana iku sawijining habitus tetanduran. Sawijining tetanduran ditelakaké minangka liana yèn jroning tetuwuhané merlokaké kaitan utawa objèk liya supaya tetanduran iku bisa saingan antuk cahya srengéngé. Liana bisa uga disebut tetanduran sing mrambat, mènèk, utawa nggantung. Béda karo epifit sing bisa sapenuhé tuwuh lepas saka lemah, oyot liana ada ing lemah utawa paling ora merlokaké lemah minangka sumber harané.

Tetanduran mrambat iki paling akèh ditemokaké ing alas-alas tropika. Contoné yaoiku jenis-jenis rotan, anggur, sarta sapérangan Cucurbitaceae (suku labu-labuan). Liana biasané dudu parasit nanging liana bisa nglemahaké tetanduran liya sing dadi panyanggané lan silih kompetisi marang cahya.

Ing alas-alas gedhé sing dikebaki liana, kéwan-kéwan arboreal (urip ing wit) bisa kanthi gampang pindhah saka sawijining wit nuju wit liyané liwat liana utawa kanthi gelantungan ing watang liana. Manéka kethèk, kayadéné siamang lan owa, ditepungi minangka panjlajah wit sing ulung liwat liana.

Tokoh film Tarzan uga digambaraké bisa pindhah sacara cepet saka sawijining wit nuju wit liyané kanthi cekelan marang watang liana.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Liana&oldid=435771"