Siamang
| Siamang | |
|---|---|
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Primates |
| kulawarga: | Hylobatidae |
| Genus: | Symphalangus Gloger, 1841 |
| Species: | S. syndactylus |
| Jeneng binomial | |
| Symphalangus syndactylus (Raffles, 1821) |
|
Siamang yaiku kethèk utawa kera kang nduwéni lengen kang dawa. Siamang urip ing wit-witan. [1] Siamang bisa mencolot lan ménèk wit-witan kanthi lincah saengga ora ana predhator kang bisa nyekel lan mangan siamang.[1] Siamang kalebu spesies kang terancam punah awit deforestasi habitaté kang cepet.[1] Siamang ora nduwé buntut lan nduwéni postur awak kang kurang tegap.[2] Siamang nduwéni perkembangan otak kang apik.[2] Siamang wernané ireng coklat rada abang. Kethèk iki nduwéni anyaman ing antarané driji kang nomer loro lan nomer telu.[2]
Pakanan [sunting]
Siamang kalebu kéwan omnivora.[2] Kurang luwih 75 % pakanané siamang yaiku woh-wohan, saliyané iku godhong, kembang, wiji-wijian, lan kulit kayu.[2] Siamang uga mangan srangga, monggo, endhog manuk, manuk kang ukurane cilik. [2] Siamang kalebu kéwan kang wedi banyu.[2] Siamang bakal nyelupaké sikilé ing banyu lan ngosok-nggosokaké tangan ing godhong kang teles lan ngisep banyu ing wulu sikilé.[2] Banyu kang sisesep iki mau dadi banyu ngombene siamang.[2]
Reproduksi [sunting]
Siamang bisa manak nalika umuré 5-7 taun.[1] Siamang betina bakal nglairaké anak kang wis ana ing njero weteng kurang luwih 8 sasi.[1] Siamang kang lagi waé lair nduwéni rambut kang luwih sithik tinimbang siamang kang diwasa.[1] Déné aboté siamang kang lagi lair kurang luwih 6 ons.[1] Induk siamang bakal ngingoni siamang kang isih cilik.[1] Anak siamang bakal némplék ing wetengé ibuné supaya anget.[1] Anak siamang disapih nalika umure wis setaun.[1] Anak siamang urip bareng karo ibuné kurang luwih nganti 5-7 taun.[1]
Cathetan suku [sunting]
| Wikispecies duwé informasi ngenani |
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.