Gajih
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Gajih utawa ''lipid'' uga bisa diarani minyak hewani ing suhu ruang, ucul saka awujud kang kenthel lan cuèr.[1] Ing jero awak, gajèh bisa kanggo sumber ènèrgi kang èfisièn. [2]
Klasifikasi [sunting]
Miturut Bloor, gajih bisa diperang dadi telung warna: [2][3]
- Gajih sederhana, yaiku campuran ester asam lemak lan sapérang alkhohol.[2][3] Tuladhané fat/minyak (TAG/trigliserida).[2][3]
- Gajih campuran, yaiku ester asam lemak kang ngandhut gugus tambahan saliyané alkhohol lan asam lemak.[2][3] Tuladhané fosfolipid lan glikolipid.[2][3]
- Gajih turunan, yaiku zat sangisoré golongan ester asam lemak, alkhohol lan hidropilis.[2][3] Tuladhané asam lemak, gliserol, alkohol padat, aldehid, keton bodies.[2][3]
Miturut sipat kimia (adhedhasar réaksi karo basa kuat)[3]
- Gajih "tersabunkan" (hidrolisis karo basa)(latin: sapo, soap=sabun=garam asam lemak).[3] Tuladhané TAG (triasil gliserol) lan fosfolipid.[3]
- Gajih tak tersabunkan.[3] Tuladhané: sterol (kolesterol), vitamin kang larut ing jero gajih.[3]
Miturut tingkat kejenuhan[4]
1. Asam lemak jenuh
| Jeneng Asam | Struktur | Sumber |
|---|---|---|
| Butirat | CH3(CH2)2CO2H | Gajih saka susu |
| Palmitat | CH3(CH2)14CO2H | Gajih saka hewani lan nabati |
| stearat | CH3(CH2)16CO2H | Gajih saka hewani lan nabati |
2. Asam lemak ora jenuh
| Jeneng Asam | Struktur | Sumber |
|---|---|---|
| Palmitoleat | CH3(CH2)5CH=CH(CH2)7CO2H | Gajih saka hewani lan nabati |
| Oleat | CH3(CH2)7CH=CH(CH2) 7CO2H | Gajih saka hewani lan nabati |
| Linoleat | CH3(CH2)4CH=CHCH2CH=CH(CH2)7CO2H | Minyak nabati |
| linolenat | CH3CH2CH=CHCH2CH=CHCH2=CH(CH2) 7CO2H | Minyak biji rami |
Kagunan [sunting]
Gajih bisa digunakaké kanggo:[3]
- Kanggo sumber energi(nduweni kandungan 9 kkal/g)[3][5]
- Mbangun mémbran sèl lan bisa diliwati sapérang bahan kang mlebu lan metu saka sèl [3]
- Kanggo ngayomi organ-organ kang wigati utawa kanggo winates jaringan ing jero awak [3]
- njagaawak saka pangaru-aru njaba kayata: suhu, borok (infèksi) lan liya-liyané [3]
- Insulator listrik (supaya impuls-impuls syaraf bisa cepet ngrambat) [3]
- Biyantu transport senyawa-senyawa kayata vitamin, yèn ing jero getih bisa kanggo métabolisme [3]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (id) Shvoong.com(dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
- ^ a b c d e f g h Widodo, Wahyu. 2005. Tanaman Beracun dalam Kehidupan Ternak. Malang: UMM Pres.
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s (id) Lipid Lemak(dipunundhuh tanggal 22 April 2011)
- ^ (id) - Lemak dan Minyak(dipunundhuh tanggal 22 April 2011)
- ^ Manfaat lemak bagi tubuh manusia(dipunundhuh tanggal 22 April 2011)