Urang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Urang
Temporal range: Lower Jurassic–Recent
Urang
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Arthropoda
Subfilum: Crustacea
kelas: Malacostraca
ordo: Decapoda
Suborder: Pleocyemata
Infraorder: Caridea
Dana, 1852
Superfamilies

Urang yaiku kéwan kang urip ana ing banyunan, ora nduwèni balung, kulité atos, nduwèni sikil sepuluh, buntut cendhèk lan japit loro ing sikil ngarep. [1]Urang bisa uga ditemokaké ana ing sakubengé kobakan banyu ing genengan kayata banyu tawar, banyu payau lan banyu asin ing sakjroné kang bedha-bedha [1] . Urang bisa uga dimumpangataké kanggo panganan laut seafood. Ing basa Banjar kasebut hundang[2]

Taksonomi[sunting | sunting sumber]

Kulawarga crustaceae asring kasebut uga urang ana ing sakubengé masarakat ing tlatah Jawa[2] .Tuladha mantis shrimp lan mysid shrimp, lára-làrané asalé saka kelas Malacostraca Urang kang tulen saka kulawarga suku kang bedha , yaiku Stomatopoda lan Mysidaceae.[2] Triops longicaudatus lan Triops cancriformis uga dadi salah sijiné kéwan kang misuwur ing banyu tawar lan asring kasebut urang, lan asalé saka Notostraca.[2]


Larva nauplius Urang.

Cara Urip[sunting | sunting sumber]

Urang dadi dewasa lan ngendhog ana ing kali , kolam lan segara (ing habitaté). Wadon bisa ngendhog paling akeh 50.000 nganthi 1 juta, kang nètès sakjroning 24 jam lan dadi larva (nauplius). Nauplius banjur ngalami métamorfosis kalebu fasé kala yaiku zoea (jamak zoeae). Zoea (anak urang) mangan ganggang . Sakwise papat dina banjur ngalami metamorfosis pungkasan lan ngalami babagan pascalarva yaiku urang enom kang ndhuweni tandha-tandha dadi urang dewasa. Ing sakjroning ngalami mértamorfosis ing 4 babagan lan suweni 12 dina saka nétésé endhog, urang kang biasa di pangan banjur dipanen lan didol kang asring kasebut ing tlatah jawa benur. Urang dewasa kagolong kulawarga kéwan bentik kang utama tinggal ana ing segara.

Jinising Panganan[sunting | sunting sumber]

Urang kang bisa dipangan.

Ing Indonésia aneka werna resep basakan kang bahas babagan masakan urang ing kabudayaan] liyané tuladha:

  1. jambalaya
  2. okonomiyaki
  3. poon choi
  4. bagoong,
  5. scampi.

Urang ndhuweni kandutan kaya panganan segara liyané , urang uga ngandut kalsium lan protein, energi. Pakanan kang bahan utamané urang akeh ngandut kolesterol.

Urang Lysmata debelius kang ana ing aquarium

Jinising[sunting | sunting sumber]

  • Urang Jerbung ( Penaeus merguiensis )

Urang jerbung kasebut uga urang putih utawa asring kasebut ing basa latiné White Shrimp Ciri-ciriné kayata : kulité tipis lan lunyu, werna putih campur kuning lan trotol-trotol ijo serta ana werna kuning semu abang. Urang iki nduweni babagan liyané, kayata:

  1. Urang Peci, werna kulité luwih peteng lan trotol ireng asring kasebut ing pasar White Shrimp.
  2. Urang Pring, werna kulité kuning semburat abang, kaya pring lan wisuwur karan jeneng Bamboo Shrimp.
  3. Urang Gedhang, werna kulité kuning kaya kulit gedhang misuwur karan jeneng Banana Shrimp.
  • Urang Flower ( Penaeus sp )

Urang iki nduweni werna ijo semburat ireng lan dhuweni garis malang wena soklat. Werna kulit sikil rada abang.Wernané kaya kembang, ing pasar karan Flower Shrimp.


  • Urang Windu / Pacet / Tiger ( Penaeus monodon )
  • Urang Cokong / Tokal / Galah / Fresh Water ( Macrobrachium sp )
  • Urang Dogol ( Metapenaeus monoceros )
  • Urang Kucing Cat Prawn
  • Urang Sédeng
  • Urang Sikat / Kipas ( Panulirus sp )
  • Urang Karang / Barongan ( Panulirus sp )


Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Urang&oldid=876555"