Iwak teri
|
|
Artikel iki perlu dikembangaké supaya bisa nyukupi kriteria minangka èntri Wikipedia. Panjenengan bisa mbiyantu ngembangaké artikel iki. Yèn ora dikembangaké, artikel iki bakal dibusak. |
| Iwak teri/bilis | |
|---|---|
| Kawanan ikan teri | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Hewan |
| filum: | Kordata |
| kelas: | Actinopterygii |
| ordo: | Clupeiformes |
| kulawarga: | Engraulidae |
| Genera | |
|
Amazonsprattus |
|
Iwak teri (uga diarani iwak bilis) yaiku saklompok iwak segara kang ukuran awaké cilik. Iwak teri kalebu famili Engraulidae. [1]Famili iki nduwéni arupa jinis iwak teri kang werna-werna uga corak awaké.[1]Ana kang wernané perak rada ijo lan biru.[1]Sanajan ana uga anggota Engraulidaei kang dawané nganti 23 cm, iwak teri dawané kurang luwih 5 cm.[1] Moncongé bundhel kanthi untu kang cilik lan landhep ing rahangé. Iwak teri mangané plankton.[1] Ing dhaerah sakupengé Selat Malaka lan Segara Cina Kidul, iwak teri biyasa digoreng lan dipangan karo sambel lan sega anget utawa sega lemak. [1]Iwak teri uga dialuské lan digawé glepung.[1]Ing Vietnam, saus iwak nước mắm kang dadi simbol negara iku digawé saka bahan dhasar iwak teri.[1] Iwak teri urip nggrombol utawa koloni ing segara.[1]
Iwak teri ngandhut kalsium. Kalsium yaiku salah sawijining zat kang bisa nggawé sehat balung lan untu.[2] Saliyané kalsium, iwak teri uga ngandhut fluor lan senyawa CaF2 kang cacahé akéh. [2]Iwak teri bisa dipangan langsung karo eriné.[2] Iwak teri jengki utawa Stolephorus insularis nduwéni akéh manfaat kanggo kaséhatan.[2] Zat gizi kang ana ing iwak teri gampang rusak mulané kudu disimpen kanthi cara diasinké. [2]Kalsium kang ana ing iwak teri apik kanggo ncegah osteoporosis utawa balung kang kropos.[2] Iwak teri kalebu sumber kalsium kang ora gampang netral yèn kena banyu.[2] Saliyané iku fluor uga apik kanggo kasehatan untu. [2]Fluor kena kanggo ncegah karies lan untu kang bolong-bolong.[2]Fluor bakal nduwéni reaksi karo hidroksi apatit kang ana ing email untu lan dadi senyawa fluor apatit kang bisa luwih tahan karo asam.[2] Kanthi mengkono untu ora gampang kena karies.[2]