Trasi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Trasi bumbu pawon digawe saka urang utawa iwak-iwakan segara, mawa cara fermentasi suwené proses fermentasi bisa nganti 20 dina[1]. Kagunan trasi kanggo campuran sambel utawa geganep sedhep-sedhepan. Werna trasi ana sing soklat manda-manda abang lan ana sing wernané manda-manda ireng gumantung bahan dasar kang digawé. Werna abang kasil saka trasi kang bahan utamane urang, yen manda-manda ireng kagawé saka iwak. [2]. ciri khas saka bumbu iki yakuwi ganda sing nylekit. Nadyan gandane nylekit, nanging akeh wong-wong sing nganggo utawa merlokake. Kasunyatane, akeh sing padha seneng nggawe lan mangan lawuh sambel trasi.