Kronos
| Kronos | |
|---|---|
| Pemimpin para Titan | |
| Simbul | Sabit |
| Pasangan | Rea |
| Wong tuwa | Uranus dan Gaia |
| Sedulur | Rea, Okeanos, Hiperion, Theia, Koios, Foibe, Iapetos, Krios, Mnemosine, Tethis, Themis |
| Anak | Zeus, Hera, Poseidon, Hades, Hestia, Demeter, Khiron |
| Padanan jroning mitologi Romawi | Saturnus |
Kronos (basa Yunani: Κρόνος, Krónos) yaiku sawijining Titan ana ing mitologi Yunani.[1] Dhèwèké iku pemimpin kang paling enom ing antarané Titan generasi pisanan.[1] Kronos yaiku putra saka Uranus (langit) lan Gaia (bumi).[1] Kronos ngalahake bapake kang menehi prentah donya ana ing Zaman Emas nganti tekan dheweke dikudeta dening anake dhewe.[1] Dhèwèké banjur dikurung ana ing Tartaros.[1] Kronos biasane digambarke karo sabit, kang digunakake nalika dhèwèké ngalahaké bapaké, Uranua.[2] Ana ing kutha Athena, nalika tanggal 12 ing sasi Hekatombaion, dianakake sawijining festival kanggo Kronos kang dijenengi Kronia.[2] Festival iki mujudake panenan, lan ana indikasine yen Kronos dianggep dadi dewa pelindhung panen.[2] Iki diduga merga asosiasine karo jaman Emas.[2] Ana ing mitologi Romawi, Kronos dikenal kanthi jeneng dewa Saturnus.[2]
Ing mitologi [sunting]
Ing mitos kuna, kaya kang wis kacathet ana ing Theogonia karya Hesiodos, Uranus ngurung para Kiklops lan Hekatonkhire (bocah-bocah Gaia) ing Tartaros.[2] Gaia ngamuk amarga kelakuane bojone.[2] Gaia terus gawe arit watu lan ngumpulke para Titan kanggo ngujuk-ngujuki supaya mengebiri Uranus.[2]
Cathetan Suku [sunting]
| Dewa-Dewi Yunani |
|---|
| Titan dan Dewa-Dewi Olimpus |
| Déwa Segaré Déwa Liyané |
| Déwa-Déwi Olimpus |
| Daftar tokoh mitologi Yunani |