Mitologi Romawi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Miturut mitologi Romawi, Yupiter iku raja para déwa.
Mitologi Romawi iku kumpulan legéndha Romawi ngenani déwa-dèwi Romawi sing kasebar liwat tradhisi lisan. Mitologi iki nduwèni pepadhan karo mitologi Yunani, utamané ngenani mitologi babagan para déwa.
Akèh-akèhé déwa Romawi digambaraké kaya manungsa, dilairaké nanging ora dadi tuwa, kebal, bisa ngilang, lan saben déwa nduwèni karakteristik dhéwé-dhéwé. Amarga saka kuwi, para déwa uga nduwèni jeneng sesebutan tumrap saben karakter sing bisa luwih saka siji.
Déwa-Dèwi Romawi sing utama [sunting]
-
Kupido, déwa romantisme lan katresnan.
-
Yupiter, raja para déwa.
-
Yuno, ratu para déwa.
-
Merkurius, déwa utusan.
-
Venus, dewi cinta lan kasulistyan.
-
Pluto, raja dunia bawah.
-
Proserpine, ratu donya ngisor.
-
Saturnus, déwa pertanian.
-
Vulkan, déwa geni lan pandhé wesi.