Banthèng
| Banthèng | |
|---|---|
| Banthèng wadon ing Disney's Animal Kingdom | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Artiodactyla |
| kulawarga: | Bovidae |
| Subkulawarga: | Bovinae |
| Genus: | Bos |
| Species: | B. javanicus |
| Jeneng binomial | |
| Bos javanicus d'Alton, 1823 |
|
Banthèng (Bos javanicus), ugi saged sinebat tembadau, inggih menika spesies wild cattle ingkang wonten ing Asia Kidul Wetan.[1] Banthèng kalebet kéwan sampun dipundhomestikisasi ingkang panyebaranipun ing wewengkon Asia Kidul Wetan, ingkang cacahipun kinten-kinten wonten 1,5 juta banthèng, saged dipunnamini sapi Bali.[1] Banthèng saged dipunmupangatake minangka kéwan kerja, lan saged dipunmupangatakedagingipun.[1]
Panyebaranipun lan subspesiesipun [sunting]
Panyebaran lan subspesies banteng saged kaperang:[2]
- Banthèng Jawa (B. j. javanicus): wonten ing Jawa, ingkang jaler nggadhahi warni cemeng lan ingkang estri warninipun soklat.[2]
- Banthèng Kalimantan (B. j. lowi): saking Kalimantan. Banteng Kalimantan nggadhi awak ingkang langkung alit tinimbang banteng Jawa.[2]
- Banthèng Burma (B. j. birmanicus): ing Myanmar, Thailand, Cambodia, Laos lan Vietnam.[2]
Banthèng saged nggadhahi inggil ngantos 1,6 meter ing sisih gegeripun lan panjang awakipun ngantos 2,3 meter.[2] Abotipun Banthèng jaler 680 - 810 kg, jaler ingkang ageng sanget saged ngantos setunggal ton.[2] Ingkang estri boten patia abot tinimbang jaleripun.[2] Banthèng nggadhahi warni pethak ing sikil, punuk pethak, sarta warni pethak ing sisih mata lan moncongipun.[2] Banthèng jaler nggadhahi kulit awarna biru-cemeng utawi soklat peteng.[2] Sungu nglengkung manginggil, lan punuk ing gegeripun wonten punukipun.[2] Ananging ing estri nggadhahi warni soklat radi abrit lan sungu ingkang cendhak lan boten nggadhahi punuk.[2]