Hefaistos
| Hefaistos | |
|---|---|
Patung Hefaistos ing Muséum Thorvaldsens, Kopenhagen, gawéané Herman Wilhelm Bissen, 1838. |
|
| Déwa tèknologi, pandhé wesi, pengrajin, gunung geni, lan geni. | |
| Simbul | Palu, landhesan, lan panjepit |
| Pasangan | Afrodit lan Aglaia |
| Wong tuwa | Hera lan Zeus, utawa Hera |
| Sedulur | Ares, Eileithyia, Enyo lan Hebe |
| Anak | Thalia, Euklia, Eufeme, Filofrosine lan Euthenia |
| Padanan jroning mitologi Romawi | Vulkanus |
Hefaistos (basa Yunani: Ἥφαιστος, Hēphaistos) ana ing mitologi Yunani yaiku déwa tèknologi, pandhé wesi, pengrajin, pemahat, logam, metalurgi, geni, lan gunung geni.[1] Ana ing mitologi Romawi dhèwèké ditepungi dadi Vulkanus.[2] Hefaistos yaiku putra saka Zeus lan Hera.[2] Dhèwèké duwé peran dadi pandhé wesi kanggo para déwa utawa asring nggawé alat lan gegaman kang migunani kanggo para déwa.[2] Hefaistos disembah ana ing kabèh panggon indhustri lan manufaktur ing Yunani utamané ana ing Kutha Athena.[2] Simbol saka Hefaistos yaiku palu, landhesan wesi, lan panjepit. Dhèwèké uga digambaraké lagi nyekel kapak. Kuil Hefaistos manggon ana ing cedhaké agora ing kutha Athena.[2]
Bab lan Paragraf |
Silsilah[sunting]
Ana ing Odisseia lan kamungkinané ana ing Iliad, Hefaistos lair saka hubungané Zeus karo Hera. Ana ing crita liyané, Hera nglairaké Hefaistos dhéwé, Hera nglakokaké merga Zeus uga nglairaké Athena dhéwé.[2] Ananging ana ing lukisan-lukisan vas ing Attika, Hefaistos digambaraké wis ana sadurungé kelairané Athena.[2] Hefaistos dilukisaké nyekel kapak kanggo mbelah sirahé Zeus lan ngetokké Athena.[2] Ing ngisor iki keturunan saka Hefaistos:
Delengen uga[sunting]
Cathetan sikil[sunting]
Pranala njaba[sunting]
- (en) Theoi Project, Hefaistos jroning sastra lan seni klasik
- (en) Greek Mythology Link, Hefaistos ikhtisar ngenani mitos Hefaistos
- (en) Hefaistos ing Encyclopedia Mythica
- (en) Hefaistos ing MythWeb
- (en) Kasunyatan-kasunyatan Hefaistos
| Dewa-Dewi Yunani |
|---|
| Titan dan Dewa-Dewi Olimpus |
| Déwa Segaré Déwa Liyané |
| Déwa-Déwi Olimpus |
| Daftar tokoh mitologi Yunani |