Athena (mitologi)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa


Athena utawi Athene (Attika: Ἀθηνᾶ, Athēnā atau Ἀθηναία, Athēnaia; Epik: Ἀθηναίη, Athēnaiē; Ionia: Ἀθήνη, Athēnē; Doria: Ἀθάνα, Athana; Latin: Minerva),ugi dipunwastani Pallas Athena utawi Pallas Athene (Παλλάς Αθηνά; Παλλάς Άθήνη) wonten ing mitologi Yunani inggih punika dewi kawicaksanan, strategi, lan perang. Athena ugi kawentar minangka dewi ingkang nulungi para pahlawan. Athena punika satunggaling dewi ingkang wiyos dados priyantun èstri diwasa lan naté dipungambaraken minangka lare alit. Athena boten gadhah garwa utawi pasangan saéngga dipunwastani parthenos ("perawan"), Hefaistos naté nyobi merkosa nanging boten saged. Kuil Parthenon ing kutha Athena, Yunani punika kuilipun ingkang paling kondhang.[1]

Miturut legenda, Athena punika putri ingkang paling dipunremeni déning Zeus, déwa paling kuwat. Ibunipun punika dewiMetis ingkang kalebet dewi pamikiran lan kepandaian, ugi kondhang minangka dewi kawicaksanan. Athena dipunparingi kekuwatan saking bapakipun lan kawicaksanan déning ibunipun. Wonten ing legenda sanèsipun, Pallas dipunanggep dados bapakipun awit saking punika piyambakipun pikantuk gelar Pallas Athena (Παλλάς Αθηνά). Kajawi punika ugi wonten ingkang nyebat bilih Athena saged matèni Pallas nalika perang Déwa nglawan Titan saenga pikantuk gelar Pallas Athena.

Athena naté ngéwahi Medusa saking wanita ayu dados monster. Salajengipun Perseus nugel sirah Medusa lan maringaken dhateng Athena, sang dewi banjur masang sirahipun Medusa ing perisainipyn utawi wonten Aigis. Athena dipunubungaken déning bangsa Etruria kaliyan Dewi anama Menrva, lajeng dipunadhaptasi déning tiyang Romawi minangka Minerva.[1] Athena dipunkancani déning burung hantu alit lan dewi kemenangan Nike. Piyambakipun ugi asring dipungambaraken nyekel tombak.

Asal-usul[besut | besut sumber]

Relief Athena ing Astana Louvre, damelan Philippe-Laurent Roland, 1806.

Pamujan dhumateng Athena minangka ingkang njagi kutha Athena katingalipun sampun wonten wiwit masa \bkuna\b saéngga mitos-mitos \bkuna\b babagan piyambakipun dipunadhaptasi miturut mekaring budaya. Filsuf Yunani, Plato (429–347 SM), damel identifikasi kaliyan dewi Libya, Neith, dewi perang lan perburuan saking Mesir wiwit periode pradinasti, lan ngubungaken kaliyan kegiyatan nenun. Sejarawan Yunani, Herodotos (484–425 SM), ugi nyebataken bilih penduduk Sais ing mesir nyembah dewi anama Neith;[2].

Atribut[besut | besut sumber]

Minangka dewi perang, simbol Athena antawisipun busana perang, tombak, helm perang, perisai mawi sirah Gorgon, sarta Aigis. Aigis punika mantel utawi jubah ingkang dipunrenggani kaliyan sirahipun Medusa ugi dipunpitayani saged paring perlindungan ingkang kuwat (Aigis ugi dipunsebat minangka perisai Zeus lan Athena). Lajeng kéwan ingkang dados atribut Athena inggih punika burung hantu, ula, lan lkemangga. Amargi wonten gegayutanipun kaliyan dewi Athena ingkang dados dewi kawicaksanan banjur dumugi sapunika burung hantu dipunwsatani minangka simbol, kawicasanan. Athena naté ngéwahi Arakhne dados kemangga (laba-laba) saéngga kéwan mau ugi dados attributipun. Lajeng ula punika lambang saking Erikhtonios, manungsa ingkang naté dipunurus déning Athena. Wit ingkang keramat kanggé piyambakipun inggih punika wit zaitun. Athena ugi kadang kala kaliyan Nike, dewi kemenangan.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Deacy, Susan, and Alexandra Villing. Athena in the Classical World. 1st ed. Koninklijke Brill NV,Leiden, The Netherlands: Brill, 2001. Print.
  2. "masarakat tersbeut memiliki dewi untuk sang pendiri kutha mereka; dia karan sebagai Neith, dan menurut mereka itu ya iku dewi yang sama dengan dewi Athena dari Yunani; mereka sangat menyukai orang-orang Athena, dan mereka mengatakan bahwa mereka dan bangsa Athena memiliki ikatan tertentu" ( Timaios 21e)

Réferènsi[besut | besut sumber]

  • Apollodoros, Bibliotheke, 3,180
  • Augustine, De civitate dei xviii.8–9
  • Cicero, De natura deorum iii.21.53, 23.59
  • Eusebius, Chronicon 30.21–26, 42.11–14
  • Lactantius, Divinae institutions i.17.12–13, 18.22–23
  • Livius, Ad urbe condita libri vii.3.7
  • Lucan, Bellum civile ix.350

Réferènsi modern[besut | besut sumber]

  • Burkert, Walter. 1985. Greek Religion (Harvard).
  • Graves, Robert. (1955) 1960. The Greek Myths edisi revisi.
  • Kerenyi, Karl. 1951. The Gods of the Greeks (Thames and Hudson).
  • Harrison, Jane Ellen. 1903. Prolegomena to the Study of Greek Religion.
  • Palaima, Thomas. 2004. "Appendix One: Linear B Sources." dalam Trzaskoma, Stephen, et al., eds., Anthology of Classical Myth: Primary Sources in Translation (Hackett).
  • Ruck, Carl A.P. dan Danny Staples, 1994. The World of Classical Myth: Gods and Goddesses, Heroines and Heroes (Durham, NC).
  • Telenius, Seppo Sakari, 2005 dan 2006. Athena-Artemis.
  • Trahman, C.R. 1952. "Odysseus' Lies ('Odyssey', Buku 13-19)" dalam Phoenix, Vol. 6, No. 2 (Classical Association of Canada), hal. 31–43.
  • Ventris, Michael dan John Chadwick. 1973. Documents in Mycenaean Greek (Cambridge).
  • Friel, Brian. 1980. Translations

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Pranala njawi[besut | besut sumber]